Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2018

Lirik Lagu Rohani : Allah Itu Baik Sungguh Baik Bagiku

Allah Itu Baik Sungguh Baik Bagiku Verse : ALLAH ITU BAIK SUNGGUH BAIK BAGIKU DITUNJUKKAN-NYA KASIH SETIA-NYA DIA MENYEDIAKAN YANG KUPERLUKAN MENYATAKAN KEBAIKAN MENYATAKAN KEBAIKAN MENYATAKAN KEBAIKAN-NYA PADAKU Reff : KASIH SETIA-NYA TAK PERNAH BERUBAH DULU S'KARANG DAN S'LAMANYA AJAIBLAH KUASA DALAM NAMA-NYA YESUSKU LUAR BIASA

Lirik Lagu Rohani : Sungguh Ku Bangga Bapa

Sungguh Ku Bangga Bapa Verse 1 : SUNGGUH KU BANGGA BAPA PUNYA ALLAH SEPERTI ENGKAU SUNGGUH KU BANGGA YESUS ATAS S'GALA PENGORBANAN-MU Verse 2 : TAK INGIN AKU HIDUP LEPAS DARI KASIH-MU KASIH-MU MENYELAMATKAN DAN B'RI KU PENGHARAPAN Reff : KINI KU PERSEMBAHKAN APA YANG AKU MILIKI MEMANG TIADA BERARTI BILA DIBANDING DENGAN KASIH-MU NAMUN KU INGIN MEMB'RI DENGAN SUKACITA DIHATI KAR'NA KU TAHU INI MENYENANGKAN HATI-MU

Lirik Lagu Rohani : Saat Ini Saat Indah Kumemuji Dan Menyembah

Saat Ini Saat Indah Ku Memuji Dan Menyembah Verse 1 : SAAT INI SAAT INDAH KE MEMUJI DAN MENYEMBAH HADIRAT-MU KURASAKAN SAAT KU SEMBAH KAU Verse 2 : SAAT INI SAAT TUHAN KAU CURAHKAN URAPAN-MU HADIRAT-MU KURASAKAN SAAT KU SEMBAH KAU Reff : HADIRAT-MU KURASAKAN SAAT INI SAAT INI URAPAN-MU KURASAKAN SAAT AKU MENYEMBAH KAU TUHAN

Lirik Lagu Rohani : Mari Kita Semua Umat Pilihan Allah

Mari Kita Semua Umat Pilihan Allah Verse : MARI KITA SEMUA UMAT PILIHAN ALLAH DENGARLAH PANGGILAN-NYA 'TUK MENGGENAPI FIRMAN-NYA SEKARANGLAH WAKTUNYA 'TUK BERDIRI BAGI BANGSA INI MAR MAJU UMAT PEMENANG Reff : KU KAN BANGKIT NYATAKAN KEMULIAAN-NYA KU KAN BANGKIT NYATAKAN KEBENARAN-NYA SAMPAI SETIAP LUTUT BERTELUT SEMUA LIDAH MENGAKU YESUS KRISTUS DIALAH TUHAN RAJA SEGALA RAJA (DIALAH RAJA)

Lirik Lagu Rohani : Kasih SetiaMu Yang Kurasakan (Siapakah Aku Ini Tuhan)

Kasih Setia-Mu Yang Kurasakan Verse 1 : KASIH SETIA-MU YANG KURASAKAN LEBIH TINGGI DARI LANGIT BIRU KEBAIKAN-MU YANG TELAH KAU NYATAKAN LEBIH DALAM DARI LAUTAN Verse 2 : BERKAT-MU YANG TELAH KUTERIMA SEMPAT MEMBUATKU TERPESONA APA YANG TAK PERNAH KUPIKIRKAN ITU YANG KAU SEDIAKAN BAGIKU Reff : SIAPAKAH AKU INI TUHAN JADI BIJI MATA-MU DENGAN APAKAH KUBALAS TUHAN S'LAIN PUJI DAN SEMBAH KAU

Lirik Lagu Rohani : FirmanMu P'lita Bagi Kaki ku Terang Bagi Jalanku

Firman-Mu P'lita Bagi Kaki ku Terang Bagi Jalanku  Verse : FIRMAN-MU P'LITA BAGI KAKI KU TERANG BAGI JALANKU FIRMAN-MU P'LITA BAGI KAKI KU TERANG BAGI JALANKU Chorus : WAKTU KU BIMBANG DAN HILANG JALANKU TETAPLAH KAU DI SISIKU DAN TAKKAN KU TAKUT ASAL KAU DI DEKATKU BESERTAKU SELAMANYA O...OH....  O...OH.... Ending : FIRMAN-MU P'LITA BAGI KAKI KU TERANG BAGI JALANKU

Lirik Lagu Rohani : Kerahkanlah KekuatanMu Ya Allah (Allah Bangkit Bersoraklah)

Kerahkanlah Kekuatan-Mu Ya Allah Verse : KERAHKANLAH KEKUATAN-MU YA ALLAH TUNJUKKANLAH KUASA-MU YA TUHAN SERAKKAN MUSUH-MU S'LAMATKANLAH UMAT-MU ALLAH DAHSYAT DITEMPAT KUDUS-NYA Reff : ALLAH BANGKIT BERSORAKLAH ALLAH BANGKIT BERNYANYILAH MUSUH DIKALAHKAN UMAT-NYA DIBEBASKAN ALLAH DAHSYAT DITEMPAT KUDUS-NYA

Lirik Lagu Rohani : Bangkit Serukan Nama Yesus (Nama Yesus Menara Yang Kuat)

Bangkit S'rukan Nama Yesus Verse : BANGKIT SERUKAN NAMA YESUS MAJU NYATAKAN KUASA-NYA KITA BUAT iblis GEMETAR KALAHKAN TIPU DAYA-nya DENGAN KUASA NAMA-NYA Reff : NAMA YESUS MENARA YANG KUAT NAMA YESUS KOTA BENTENG YANG TEGUH NAMA YESUS KALAHKAN SEMUA MUSUH NAMA YESUS DIATAS S'GALANYA

002.ALLAH MAHASUCI

002.ALLAH MAHASUCI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Allah Maha suci, kula asung puji ing pangibadah puniki agung kamulyanta, ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya. Pinuji Hyang Widi, kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati. 2. Dhuh Allah Makwasa, kanthi trusing driya kawula nlangsani dosa. Mugi angapunten sarta nucèkaken, temah gesang kula ayem. Pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, umeneng Pamarta. 3. Dhuh Allah Mamirah, sru adrenging manah. kula sami nyadhong berkah. Nggih sabda kang suci, sabdanipun Gusti: kang paring gesang sejati. Pinuji Roh Suci kang ngénggalken budi. nilar gesang lami. 4. Allah Mahaluhur, kula saos sokur, dalah pisungsung kang katur. Bandha sarta badan miwah kasagedan. dadosa kurban kang gesang. Pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekti dhateng Gusti.

001. ALLAH IKU MAHAKWASA

1. ALLAH IKU MAHAKWASA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Allah iku maha kwasa, kang nitahken langit -bumi, tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali kali. Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji puji 2. Kang kepareng ngabyantara* anèng Padaleman Suci, kang resik tangan wah manahnya, tan naté dosa ing lathi Yéku tyang mursid sanyata, tansah setya dumugengjanji. 3. Berkahing Pangèran tumrah mring tyang ajrih-asih yekti, gesang tansah tentrem-rahayu wit kaadilaning Gusti. Kang tansah ngupadi Allah, kangen Gusti rina lan wengi. 4. Gapuraning Padaleman kangkata**, mrih ombér sèstu. krana Sang Ratuning kamulyan kepareng tindak lumebu, yéku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa, Allahmu.

003. ALLAH MBABARKEN KWASANYA

003. ALLAH MBABARKEN KWASANYA ( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ / lirik kpj ) Allah mbabarken kwasanya, pra kang nglawan buyar sirna lir lilin kenging brama, nging gung tyang mursid raharja, memuji lan sukarena, ngarseng Allah Mamulya. Pangeran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara, nguwari tyang siniya, temahan ngraosken begja. Dene tyang wongkot mbalela siniksa bebendunya. 2. Allah mbélani pra umat ngagem sarana mukjijat wah salir kang neng jagad; pangéran ngrentahken berkah kang nglimat sagunging titah, temah kraharjan anjrah. Wit kadarmaning Pangèran, tyang tinindhes kaluwaran, temah tan wonten panandhang ing rèhing Ratu Kaswargan. Dé*** para wadya-balanya, tyang nyebar kabar adya. 3. Allah Ratu kaadilan wus ngasorken pra adigang, temah kasurang-surang. Nging tyang ringkih ingauban, pinaringan gung kabegjan, karoban karaharjan. Gusti miji pasucènnya papan puruging manungsa, kinèn samya angabekti konjuk mring Allah Hyang Widi. Dalah kang swau mbaléla, nggih samya asung puja. 4 Allah

004. DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI

4. DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPj / lirik KPJ ) Dhuh nyawaku, sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha Suci. Sa batinku ngluhurka asmane. Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna. Aja lali sagunging kadarmannya. Elingana sawiji wijine. 2. Pujinen kang ngapura dosanira, kang marasken sagung lelaranira nebus uripmu saking antaka; kang angerobi sira lan kawlasan kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomaké kekwatanira 3. Sepira langit angungkuli bumi, semono gunging sihé Kang Masuci, mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohé kulon saking timur, iya semono dènnya dosaningsun ingedohken saking awak amba’.

006. GUSTI KANG MURBENG DUMADI

006. GUSTI KANG MURBENG DUMADI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Gusti kang murbeng dumadi, kawula sami sowan ngaturaken pangabekti ingkang yekti. Ngunjukaken puja puji, panuwun lan panyuwun anampeni, sabdeng Gusti.

005. DHUH PANGERAN

005. DHUH PANGERAN ( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ / lirik kpj ) Dhuh pangeran Ingkang Maha Suci, kula sami marek tetunggilan. Salir bangsa salumahing bumi amemuji asmane Pangeran. 2. Gusti tresna mring kula sadaya, saking kilèn rniwah saking wétan, sami nunggil klayan Sang Pamarta, Yesus  Kristus kang dados Panutan.

007. GUSTI, KAWULA SOWAN

007. GUSTI, KAWULA SOWAN ( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ / lirik KPJ ) Gusti, kawula sowan atur pangabekti, pasrah nyawa lan badan kanthi trusing ati. Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman, dimen kula lestantun wonten ing kraharjan. 2. Kawula sèstu ngudi manut rèhing Gusti, nanging ringkihing budi tansah memalangi. Dhuh Gusti, mugi rawuh, mulunga ing asta, dadya gondhèlan bakuh, kula tan suwala. 3. Kula sèstu pracaya tan ngandelken dhiri, namung karsa Paduka kang kula lampahi. Karahayon sejati pangajap kawula, sedya ngambah ing margi pitedah Paduka. Amin.

008. HALELUYA

008. HALELUYA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Haleluya pangeran aneng papan pamujan, pinuji asmanya, dalah aneng akasa Wit Gusti Allah Makwasa, kamulyannya Maadi, ngungkul isamudaya,  munggweng swarga lan ing bumi 2. Linuhurna Hyang Agung klayan sagunging kidung, binarung salir gangsa wah kang mijilken swara. Geguritan wah beksannya makluk kang darbé nyawa, ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haléluya!

10. HE WONG SALUMAHING BUMI

10. HE WONG SALUMAHING BUMI ( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ lirik kpj ) He wong salumahing bumi padha sumyaka memuji lan ngabektia mring Allah kambi ngidung klawan bungah 2. Hyang Ma’agung dèn anggepa Allah kang nitahken kita. Kita umat kagungané, sarta ménda ngèn-ngènané. 3. Mlebua mring gapuranya klawan muji lan pirena, wah marang ing pasucèné, klawan anggunggung asmané. 4. Dé Pengéran asih-darma alanggeng sih-kadarmannya, wah kasetyané tan kendhat, tan gingsir trus ing akérat.

009. HE, SARUPANING PRA UMAT

009. HE, SARUPANING PRA UMAT ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ /lirik kpj ) He, sarupaning praumat, padha mujia mring Allah. He, sakehing para bangsa, asmane padha luhurna. 2. Wit sih-kadarrnané Allah, luwih gedhé tumrap kita, langgeng kasetyané Allah, mila pinuji-pujia.

12. a. & b KULA SAMI KEKEMPALAN

12. a. KULA SAMI KEKEMPALAN ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Kula sami kekempalan, memuji dhateng Allah, Kang Mahaasih Mahawlas mring sakehing tumitah. 2. Agung kanugrahanipun dhumateng para umat. Agung palimirmanipun mring tiyang kang mratobat. 3. Ngantos Kang Putra Kinasih ingutus dhateng donya, ambabarken welas-asih, sinungken mring manungsa. 4. Supados sawarninira tetiyang kang pracaya mring Kang Putra, datan sima, nging gesang salaminya. 12b. KULA SAMI KEKEMPALAN ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Kula sami kekempalan, memuji dhateng Allah, Kang Mahaasih Mahawlas mring sakehing tumitah.

11. KULA NGATURKEN SEMBAH

11. KULA NGATURKEN SEMBAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Kula ngaturken sembah, dhuh Pangeran Yehuwah, nggunggung asma Paduka Kang Maluhur Mamulya; Gustining makluk samya, klayan bingahing driya 2. Dhuh, Sang Yéhuwah, Gusti. Paduka kula puji, ing dalu dalah rina. Agung sih kawlasanta, lubèr berkah Paduka tumrah mring titah wrata. 3. Dhuh, Yéhuwah Pangéran, kawula ngidung girang. Wit sih-rahmat Paduka, kula samya waluya, luwar sing rèhing pati sinungan gesang yekti.

14. KULA SAMNYA TETUNGGILAN

14. KULA SAMNYA TETUNGGILAN ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPj ) Kula samnya tetunggilan, ngabekti mring Pangeran, wit sinungan kacekapan wah bagas kasarasan Reff.   Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti,   wit ing ayom ing sih ira sestu tentrem raharja.   2. Kula rinoban ing begja rinten -dalu tan kendhat,    ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijat      Reff........   3. Kula rinimat ing Gusti, sarta sagunging titah,    mangsa kang silih - ngumanti, samukawis mung endah      Reff....   4. Kawula nggih binerkahan lantaran mitra- kadang;    sumanakeing pitepangan tan wonten memengsahan.      Reff......

13. KULA SAMI SOWAN

13. KULA SAMI SOWAN ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Kula sami sowan, kaparing ana kakyatan mundhi timbalan Mugi katedhakna pangwasaning Roh Paduka, nganthi kawula Wit pangreh Paduka sestu andayani temah kula kwawi nglampahi 2. Kula kasagedna ngundhangken sabda Paduka kalayan setya. Ngungkurken kadonyan, nyelaki dhampar kaswargan sumber kraharjan. Temah tyang sajagad, sagunging pra umat ngluhuraken Kang Amengku Rat. 3. Inykang winartosan sageda manggih kraharjan wah katentreman. Wit kwaos Paduka kawilujengan kawula; kula sung puja. Mugi kapyarsakna pandonga kaiwu1a. ing asma Sang Kristus. Amin.

16. LANGIT TANSAH NYARIYOSKEN

16. LANGIT TANSAH NYARIYOSKEN ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Langit tansah nyariyosken kamulyane Hyang Agung, wah akasa mratelakken yasaning astanipun. Rinten dalu tan kendhat, wartanya ngebakirat. 2.Sanadyan datan wicanten tan wonten tetembungan, nging samangsa dèn tilingken tansah nggunggung Pangéran. Paseksinya nyrambahi ing salumahing bumi. 3. Pangéran murbéng jagad-rat kang ngrimati pra titah. Surya kang mlampah tan kendhat, nggih krana rèhing Allah. Saliring kang dumadi nélakken sihing Gusti. 4. Mugi Gusti nggih karenan isining manah kula. Gung panggunggung mring Pangéran, pangayoman sanyata. Pinujia tan kendhat Panebusing pra umat.

15. KULA TUMENGA MRING GUSTI

15. KULA TUMENGA MRING GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Kula tumenga mring Gusti kang pinarak ing swarga, kados mripatipun abdi, mulat dhateng Gustinya. Nggih mekaten mripat amba, mandeng mring Gusti kula, ngajeng ajeng pitulungan, ngadhang rentahing sihnya. 2. Mripat amba tansah mandeng dhateng Allah kawula kados abdi ingkang nyawang mring astaning Gustinya sami ngadhang pitulungan; saking Kang Sinuwitan; nggih makaten ingkang abdi nyadhong piwlasing Gusti.

18. NYAWAKU, PUJINEN ALLAH !

18. NYAWAKU, PUJINEN ALLAH !  ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )  Nyawaku, pujinen Allah ! Gusti mulyakna tansah !  Slawase sinungan umur, luhurna srana masmur !  krana namung Pangeran, yekti tuking kraharjan.  2. Andel-andel kang sejati sajuga*, yéku Gusti. Salir jalma tanpa daya, kwasané énggal sirna. Tyang kang ngayomi mring Allah tansah rinoban berkah. 3. Allah kang nitahken jagad, kasetyané tan kendhat; mbéla tyang kinaniaya, nulungi tyang sangsara, njejegken kaadilan, ngluwari tyang ukuman. 4. Pangéran Allah Maasih ngiyatken tyang kang ringkih, mbombong tyang sisah manahnya, nyarasken tyang kang wuta Tyang mursid dèn kasihi wah ngrukti tyang ketrini. 5. Pangéran jumeneng raja, pangrèhé ing slaminya, tan négakken kang siniksa, gya nylametken umatnya. Sagunging tyang pracaya ngidungna, “Haléluya”

17. MUGI RAWUHA, DHUH GUSTI !

17. MUGI RAWUHA, DHUH GUSTI ! ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Mugi rawuha, dhuh Gusti ! Mugi rawuha, dhuh Gusti ! Mugi rawuha, dhuh Gusti ! Mugi rawuha, dhuh Gusti ! 2. Kula nyawiji, dhuh Gusti! Kula nyawiji, dhuh Gusti! Kula nyawiji, dhuh Gusti! Kula sami nyawiji. 3. Kula memuja, dhuh Gusti! Kula memuja, dhuh Gusti’ Kula memuja, dhuh Gusti’ Kula sami memuja. 4. Kula ndedonga, dhuh Allah! Kula ndedonga, dhuh Allah! Kula ndedonga, dhuh Allah! Kula sami ndedonga. 5. Kula sung sembah, dhuh AlÃŒah Kula sung sembah, dhuh Allah’ Kula sung sembah, dhuh Allah’ Kula sami sung sembah.

Lirik Lagu Rohani : Bagaikan Tanah Kering Yang Merindukan Air

Bagaikan Tanah Kering Verse 1 : BAGAIKAN TANAH KERING YANG MERINDUKAN AIR DEMIKIANLAH JIWAKU HAUS AKAN ENGKAU Verse 2 : KURINDU SELALU HADIRMU DI HIDUPKU MEMULIHKAN JIWAKU HAPUSKAN AIR MATAKU Reff : MENGALIRLAH KUASA ROH KUDUS MENGALIRLAH DITEMPAT INI MENGALIRLAH O.. ROH KUDUS PULIHKANKU (DI HIDUPKU)

Lirik Lagu Rohani : Ku Kan Terbang Tinggi Diawan (Firman-Mu Tuhan P'lita Bagi Kaki ku)

Ku Kan Terbang Tinggi Diawan Verse : FIRMAN-MU TUHAN P'LITA BAGI KAKI KU JANJI-MU TERANG BAGI JALAN-JALAN KU KEBENARAN-MU MENUNTUNKU S'TIAP HARI KU MENANTIKAN-MU BERI KEKUATAN BARU Reff : KU KAN TERBANG TINGGI DIAWAN BERSAMA-MU DALAM KEMULIAAN S'BAB FIRMAN-MU TEGUH MENOPANG KU KAN AMAN DALAM-MU TUHAN Bridge : JALAN-MU DIATAS JALAN-JALAN KU RANCANGAN-MU MELEBIHI RANCANGANKU FIRMAN-MU SUNGGUH T'LAH MEMBEBASKANKU BERJALAN LEBIH TINGGI, BERJALAN BERSAMA-MU

Lirik Lagu Rohani : Ketika Tuhan Memulihkan Keadaan Sion (Sukacita Penuaian)

Ketika Tuhan Memulihkan Keadaan Sion Verse : KETIKA TUHAN MEMULIHKAN KEADAAN SION KEADAAN KITA SEPERTI ORANG YANG BERMIMPI WAKTU ITU MULUT KITA PENUH DENGAN TAWA LIDAH KITA DENGAN SORAK-SORAI Reff : YANG MENABUR DENGAN MENCUCURKAN AIR MATA AKAN MENUAI DENGAN BERSORAK-SORAI YANG BERJALAN MENANGIS SAMBIL MENABUR BENIH PASTI PULANG MEMBAWA BERKAS-BERKASNYA

Lirik Lagu Rohani : Seperti Rusa Yang Haus Rindu Aliran Sungai-Mu (P'ribadi Yang Mengenal)

P'ribadi Yang Mengenal Verse 1 : SEPERTI RUSA YANG HAUS RINDU ALIRAN SUNGAI-MU HATIKU TAK TAHAN MENUNGGU-MU Verse 2 : BAGAI TANAH GERSANG MENANTI DATANGNYA HUJAN BEGITUPUN JIWAKU TUHAN Reff : HANYA ENGKAU P'RIBADI YANG MENGENAL HATIKU TIADA YANG TERSEMBUNYI BAGI-MU S'LURUH ISI HATIKU KAU TAHU DAN BAWAKU TUK LEBIH DEKAT LAGI PADA-MU TINGGAL DALAM INDAHNYA DEKAPAN KASIH-MU

19. PAMUJI KONJUK GUSTI

19. PAMUJI KONJUK GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / Lirik KPJ ) Pamuji konjuk Gusti kang nitahken jagad raya, wit siyang dalah ratri tansah luber sih rahmatnya. Nadyan ta jagad sirna, sihnya langgeng slaminya. 2. Pamuji konjuk Gusti nggih Allah Kang Mahamirah,    pra umat kang ngabekti tinuwukken klayan berkah,    salir ingkang pinanggya dados margining begja.    3. Pamuji konjuk Gusti Hyang Maluhur, Mahasuci,    kang nucekken manungsa srana tinebus sing dosa,    wah tinuntun mring swargi, mrih kraharjan sejati.   

20. PANGERAN MAMULYA

20. PANGERAN MAMULYA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Pangerann Mamulya yogya kula puja; dene agung kadarmannya kang sumrambah mring kula. Datan wonten wicalannya, tan kendhat lumintunya. Pangeran Mamulya yo gya pinuja. Pangeran Mamulya Yogya pinuja. 2. Pangéran Mamulya yogya kula puja; déné karsa maringaken Putranipun pribya, dinadosken Jumslamet miwah Pamarta kula Pangéran Mamulya yogya pinuja. (X2) 3. Pangéran Mamulya yogya kula puja; dé tan karsa malesaken sagung klepatan kula, malahh dipun sucèkaken sarta ingangkat putra. Pangéran Mamulya yogya pinuja. (X2)

23. PUJI MRING ALLAH

23. PUJI MRING ALLAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ  / lirik kpj) Puji mring Allah, Pangeran Kang Mahawisesa. Muji ramnya, binarung lan sawernining gangsa. Pangidungnya klayan bingah ing manah, nggunggung Gusti ning pratitah. 2. Puji mring Allah kang sèstu adil pangrèhira. ngreksa lan ngrimati srana lubèring berkahnya. wah saklangkung gung sihnya mring tyang dosa. tinebus temah waluya. 3. Puji mring Allah kang sung tentrem-raharja nyata. tansah ngganjar begja mring tyang kang sèstu pracaya. dadya dilah, andel-andel satuhu. Pujinen lan trusing kalbu!

22. PUJI KONJUK ALLAH RAMA

22. PUJI KONJUK ALLAH RAMA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Puji konjuk Allah Rama, puji konjuk Sang Putra Puji konjuk Sang Roh Suci, tetiganya sawiji. Haleluya ! Haleluya ! Tetiganya sawiji. 2. Pinuji Ratuning swarga, Gustiné pra manungsa, nggih Ratuning pasamuwan, Ratu sumbering gesang. Haléluya! Haléluya! Ratu sumbering gesang. 3. Pinuji Allah Makwasa kang nitahken jagad rat, wab milujengken manungsa, krana gunging sih-rahmat. Haléluy& Haléluy& Krana gunging sih-rahmat.

21. PARA TITAH SADAYA SAMYA NGREPEKNA

21. PARA TITAH SADAYA SAMYA NGREPEKNA ( Kding Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik Kpj ) Para titah sadaya samya ngrepekna kidung, konjuk Hyang Makwasa kang gung ing sih susetya. Haleluya ! Haleluya ! 2. Pujinen Hyang Murbéngrat, Gusti kang gung sih-rahmat, ngreksa lan ngayomi, ngrumati mrih lestari. Haléluy& Haléluya! 3. Allah Kang Mawilasa wus nylametken manungsa, slaminya pinuja, wah tansah pinundhia. Haléluya! Haléluya!

27. SAKEHING TITAH ING BUMI

27. SAKEHING TITAH ING BUMI ( kidung pasamuwan jawi / kpj /lirik kpj ) Sakehing titah ing bumi padha giranga memuji. Haleluya, haleluya ! Surya prakosa sumunar, candra, kartika kababar. Puji Gusti saben wanci. Heleluya, haleluya, haleluya ! 2. Angin tan kendhat lumaku, méga lan mendhung lumintu. Haléluya, haléluya! Hawa ketiga ngresepi, mangsa rendheng kang gumanti. Puji Gusti saben wand. Haléluya, haléluya, haléluya 3. Banyu bening resik murni, tambaning ngelak, ngresiki. Haléluya, haléluya! Geni anget gawé girang, panggah tur awèh pepadhang. Puji Gusti saben wanci. Haléluya, haléluya, haleluya!

26. PINUJI GUSTI

26. PINUJI GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Pinuji Gusti kang nitahken jagad, siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat. Reff.   Haleluya, sagung puji tansah konjuk Gusti.   Helaluya, sagung bekti mring Ratu Swargi.   2. Pinuji Gusti Sang Jurubasuki, kang ngurbanken sarira nebus manungsa. Reff..... 3. Pinuji Gusti Allah Sang Roh Suci, kang nunturi ing kraharjan wah kasampurnan. Reff......

25. PINUJI ALLAH

25. PINUJI ALLAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Pinuji Allah, Sang Rama kang nitahken jagad raya, wah tansah ngupakara srana rendheng lan ketiga, nuwuhken panenan uga. Samudaya tumata. 2. Pinuji Allah Sang Putra kang nglanting sagung manungsa, paring tentrem-raharja sumrambah pra makiuk wrata, luwar sing pangrêhing dosa, wus binirat sadonya. 3.Pinujia Sang Roh Suci, yéku kang nganyarken ati dados burus* sayekti, temah rukun mring sesami, suka ngrimat alam ugi, bawana dadya adi. 4. Sang Rama saha Sang Putra tetiga Ian sang Roh Sud yéku Allah sawiji. Samukawisnya sampurna, awit saking pakaryannya. Mila yogya pinuja.

24. PINUJIA GUSTI ALLAH

24. PINUJIA GUSTI ALLAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Pinujia Gusti Allah, wit gunging katrsnannya mring umat tebusannya, sumrambah mring sagung titahnya.

28. SUCI, SUCI, SUCI

28. SUCI, SUCI, SUCI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Suci, suci, suci pinuji Hyang suci. Allah Mahamulya kang jumeneng Raja. suci, suci, suci pinundhi Hyang Widi titah sadaya memuji samnya 2. Suci, suci, suci, pujining pra suci angumandhang sora ngèbeki akasa. Pra mlaékat sami sujud angabekti, ngidung tan kendhat mring Kang Mengkurat. 3. Suci, suci, suci, Allah Mahasuci. Gumuruhing kidung nggunggung-nggunggung Gusn. Tetalesing bumi gonjing déning puji. Pra makiuk wrata girang memuji. 3. Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti, anglairken srira tumedhak mring donya, nucèkken manungsa kang pitados yekti. Yogya pinuji langgeng slaminya.

32. SWAWI SAMI MUJI ALLAH

32. SWAWI SAMI MUJI ALLAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Swawi sami memuji Allah, Pangeran, Mahawlas. Kang tansah ngluberken berkah, Pangeran Maha wlas. Rinten dalu datan kendhat. tansah njangkung mring pra umat. Swawi muji Kang Murbengrat, Pangeran Mahawlas 2. Tan males dosa duraka, Pangéran Mahawlas. Nging ngegungken sih-apura, Pangéran Mahawlas. Ngantos kang Putra kinasih kinurbanaken sinalib. Swawi muji kanthi bingah, Pangéran Mahawlas. 3. Swawi olah tresna tansah, Pangéran Mahawlas. Pratandha sokur mring Allah, Pangéran Mahawlas. Swawi gesang mursid yekti tinulungan Sang Roh Suci, nulad ing tindaking Gusti, Pangéran Mahawlas.

31. SWAWI PRA SUCI NYAWIJI

31. SWAWI PRA SUCI NYAWIJI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Swawi prasuci nyawiji tunggal ati, sami ngabekti memuji mring Gusti. Ajrih , sumelang, sedhih, lan kasangsaran ginantos kabegjan sihing Pangeran 2. Tansah ngidunga anggunggung Kang Murbengrat,    ngetang mukjijat lan gunging sih-rahmat.    Lubering berkah sing swargi tansah tumrah,    nyantosakken manah, nyirnakken semplah.    3. Di tansah ndedonga pasrah mring Sang Rama,    miwah rumantya nglaan mring panggodha.    Amrih saliring tyang kang samya nyipati,    dadya kepranan sami ndherek Gusti.

30. SWAWI PRA KADANG

30. SWAWI PRA KADANG (Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Swawi pra kadang, disamya agirang Disora- sora angalembana mring Gusti kita Kang Mahawilasa. 2. Sihé Pangéran mring kita pra umat tanpa wilangan wah tanpa kendhat. Yogya pinuji lan pinundhi-pundhi. 3. Kita tyang dosa, nging Allah ngaksarna, krana Kang Putra sinalib séda. Mara resepna kanthi trusing driya! 4. Sihé Pangéran yogya dèn timbangi srana kasetyan, tresna, wah bekti. Srahna tyasira konjuk maring Gusti! 5. Swawi pra suci temen anglampahi préntahing Gusti. Gusti prajanji tansah nulungi srana Sang Roh Suci.

29. SUMANGGA SOWAN GUSTI

29. SUMANGGA SOWAN GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Sumangga sowan Gusti. Heleluya ! Srana kidung pamuji. Haleluya ! 2. Tyang pracaya nyawiji. HaIéILya Ing tresna tulus yekti. Haleluya 3. Pujèkna gung panggunggung. Haléluya Kidung konjuk Hyang Agung. Haléluya 4. Asmané dênsuwuma. Haléluy& Wit lubèr sih setyanya. Haléluya! 5. Tilingna sabdèng Gusti. Haléluya! Klawan pracaya yekti. Haléluya!

35. AJA KUWATIR LAN WEDI

35. AJA KUWATIR LAN WEDI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / Lirik KPJ ) Aja kuwatir lan aja wedi, awit neng Gusti tan kekurangan. Aja kuwatir lan aja wedi, tamtu tinanggelan.

34. ULUKNA PAMUJI

34. ULUKNA PAMUJI ( Kidung Pasamuwan jawi / kpj / lirik KPJ ) Ulukna pamuji kanthi trusing ati, he titah, mring Gusti Allah kang setya lan maha mirah; wit sira rinoban berkah. 2. Saosa panuwun kanthi masmur kidung hé sira, wong kang pracaya mring Allah sumbering berkah; wit sira sinung raharja. 3. Aturna panggunggung dalasan pisungsung mring Allah, hé para umat, kang setya paring sih-rahmat, tan ngétang dosaning jagad. 4. Angunjukna sokur, rukun mring sedulur. hé sagunging pasamuwan; wit rinoban ing kabegjan sadhéngah wayah lan papan.

33. SWAWI TA KANCA KULA

33. SWAWI TA KANCA KULA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Swawi ta kanca kula sami memuji Allah ing dinten puniki; kula dipun paringi bingah linuwih, bingah linuwih 2. Asurak-surak, kanca, sami asuka-suka; manganggé kang saé, sampun kirang sekaré kang éndah-éndah. x2 3. Swawi anglembana Allah Kang Mawilasa; sanadyan Ma-agung, karsa miyarsakaken pamuji kula. x2 4. Anggunggung kawlasané tuwin kamirahané; punika etuké sakèhing peparingé, lan bingah kula x2

38. PUJI MRING GUSTI

38. PUJI MRING GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Puji mring Gusti kathi trusing ati Puji mring Gusti kang paring basuki

37. KAMULYAKNA, HE JIWAKU

37. KAMULYAKNA, HE JIWAKU ( Kanon ) ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Kamulyakna, he jiwaku. Mulyakna Gusti Allah Juruslametku. Kamulyakna, kamulyakna; mulyakna Gusti, he jiwaku

36. GUSTI KANG MAWELAS

36. GUSTI KANG MAWELAS ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Gusti Kang Mawelas, mugi angengeti kula; Gusti Kang Maasih, mugi amelasi kula.

42. SAKEHING SUKU BANGSA

42. SAKEHING SUKU BANGSA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Sakehing suku bangsa, ngegungna Gusti; sakehing suku bangsa ngegungna asmanya !

41. ROH SUCI TUMEDHAKA

41. ROH SUCI TUMEDHAKA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Roh Suci tumedhaka, mbabarken tresna Paduka. Roh Suci tumedhaka, Sang Roh suci rawuha.

40. REPEKNA KIDUNG ANYAR

40. REPEKNA KIDUNG ANYAR ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Repekna kidung anyar; Gusti tansah luharna. Gusti tansah luhurna. Ooo ..... Ooo...... Oo .... Repekna kidung anyar; Gusti tansah luharna. Gusti tansah luhurna. Ooo ..... Ooo...... Oo ....

39. PUJI SOKUR MRING GUSTI

39. PUJI SOKUR MRING GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Puji sokur mring Gusti, krana katresnannya. Puji sokur mring Gusti. Haleluya !

46. AWIT KATHAH DOSA KULA

46. AWIT KATHAH DOSA KULA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Awit kathah dosa kula, mila tansah kemengan Gusti kang madhangi manah myang tuking kabingahan 2. Mugi karsa angaksama ing klepatan kawula. Tyas kula mugi dadosa padaleman Paduka. 3. Gusti kang kula ndelaken, mugi nuntun mring kula. Kula badhé ngêstokaken ing sakarsa Paduka. 4. Kula mboten purun malih karya sekel” Paduka; badhe tansah tuhu setya, tresna ing salaminya

45. ANENG NGARSANE GUSTI

45. ANENG NGARSANE GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Aneng ngarsane Gusti, binuka isining kalbu. Sanyata najis uripku, aneng ngarsane Gusti 2. Anêng ngarsané Gusti, tansah tetéla luputku. Mung kebak lamis uripku, anèng ngarsané Gusti. 3. Anèng ngarsané Gusti, rumangsa ringkih lan semplah. Reribed lan nyawa lungkrah, anèng ngarsané Gusti. 4. Anéng ngarsané Gusti, rinasakna gunging sihnya. Wah lubêring katresnannya, anènq ngarsané Gusti.

44. AKU WONG KANG DOSA

44. AKU WONG KANG DOSA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Aku wong kang dosa, ngungsi maring Gusti, temahan den sucekna, srana rahe kang suci. Reff.   Sang Kristus Gusti, Penebus yekti.   Nadyan dosaku agung, nging Gusti wus nglebur   2. Dhuh Gusti Pamarta, mung kwasa Paduka    ingkang saged ngluwari kawula saking dosa.       Reff....    3. Nggen kula nyenyuwun kang dados landhesan    dede labet kawula, nggih namung sih Paduka.       Reff.....

43. SINTEN INGKANG BADHE KAWULA SOWANI

43. SINTEN INGKANG BADHE KAWULA SOWANI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Sinten ingkang badhe kula sowani ? Ooo ..... Sabdaning Gusti punika langgeng ! Ooo .... Kawula yakin, Paduka Kristus ingkang suci, Putreng Alah !

48. GUSTI ANGANTYA SIRA

48. GUSTI ANGANTYA SIRA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Gusti angantya sira, wong dosa. Aruming swara nimbali sira. Nyuwuna luwar lan pangapura ! Mareka, saosna atinira ! Reff.   Lah mareka ! Gusti angantya,   aywa adoh adoh, umareka !   Gusti anganti anti sira !   Ywa nyenyuwe, mula gya mareka !   2. Hé, wong dosa, lempar* dalanira. Nyata gampang lamun liniwatan. Nging sira tan nduga tan uninga, yéku tan anjog mring nagri baka. Reff..... 3. Nging marga kang anjog ing kabegjan, ciyut, angèl kalamun dènambah. Kang mangkono datan kauningan, mangka iku margining Yéhuwah. Reff.....

47. DHUH ALLAH, NYAWA KULA NGANTOS - ATOS

47. DHUH ALLAH, NYAWA KULA NGANTOS - ATOS ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Dhuh Allah, nyawa kula ngantos-atos Paduka Mugi pitedah Paduka kaparingna mring kula. Tetiyang kang mengsahi enggala sumingkir ugi, wit Paduka pribadya sumber pitulung kawula. 2. Dhuh Allah mugi ngèngeti mring sih-palimirmanta. wiwit rikala Yéhuwah nglubèraken aksama, karsa ngluwari kula nebihken sagunging dosa. Krana sih-kadarmanta, nyawa kawula rîneksa. 3. Allah Maadil Mamirah tan ngegungken bebendu. Tiyang kesasar ing lampah tinuntun tobat sèstu. Déné tyang lembah-manah tinuntiing ing margi yekti, awit margi puniki setya kadarmaning Gusti.

Lirik Lagu Rohani : Ku Akan Menang Bersama-Mu (Dia Tuhan Yang Bayar DosaKu)

Ku Akan Menang Bersama-Mu  Verse : DIA TUHAN YANG BAYAR DOSAKU DIA TUHAN YANG KALAHKAN MAUT DIA TUHAN MENANGKAN SEMUANYA BAGI DIA TIADA YANG MUSTAHIL Reff : KU AKAN MENANG BERSAMA-MU KEMENANGAN T'LAH DIA SEDIAKAN KEMENANGAN DI TANGAN KAMI TUHAN YESUS DI PIHAKKU TUHAN PEMENANG YANG MENYERTAI KAMI TUHAN PEMENANG ADA BERSAMA KAMI PASUKAN SURGA ADA DI BELAKANGKU TUHAN PEMENANG BERSAMAKU

Lirik Lagu Rohani : Apa Yang Kau Alami Kini (Tangan Tuhan Sedang Merenda)

Apa Yang Kau Alami Kini Verse 1 : APA YANG KAU ALAMI KINI MUNGKIN TAK DAPAT ENGKAU MENGERTI COBAAN YANG ENGKAU ALAMI TAK MELEBIHI KEKUATAN-MU Verse 2 : TUHAN-MU TAK AKAN MEMBERI ULAR BERACUN PADA YANG MINTA ROTI SATU HAL TANAMKAN DIHATI INDAH SEMUA YANG TUHAN B'RI Reff : TANGAN TUHAN SEDANG MERENDA SUATU KARYA YANG AGUNG MULIA SAATNYA 'KAN TIBA NANTI KAU LIHAT PELANGI KASIHNYA

Lirik Lagu Rohani : Roh Kudus Kau Hadir Disini (Ku Buka Hati Untuk Roh-Mu Tuhan)

Roh Kudus Kau Hadir Disini Verse : ROH KUDUS KAU HADIR DISINI ROH KUDUS KU MENGASIHI-MU KAU LEMBUT KAU MANIS KAULAH PENGHIBURKU PENOLONGKU DIUTUS BAPAKU Reff : KU BUKA HATI UNTUK ROH-MU TUHAN KU BUKA HATI MENYEMBAH-MU YESUS JAMAHLAH KAMI, PENUHI KAMI DENGAN KUASA ALLAH MAHA TINGGI

Lirik Lagu Rohani : Lebih Dalam Ku Menyembah (Sungguh Besar Setia-Mu)

Sungguh Besar Setia-Mu Verse 1 : SUNGGUH BESAR SETIA-MU NYATA DISEPANJANG HIDUPKU DARAH-MU TELAH LAYAKKAN KEHIDUPANKU Verse 2 : TIADA KATA YANG BISA LUKISKAN INDAHNYA KAU TUHAN BAGI-MU S'GALA PUJIAN DAN KEMULIAAN Reff : KUTINGGIKAN ENGKAU TUHAN MELEBIHI SEGALANYA LEBIH DALAM KUMENYEMBAH DALAM ROH DAN KEBENARAN SELAMANYA

51. GUSTI MUGI MIRSANI

51. GUSTI MUGI MIRSANI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Gusti mirsani nggen kula kesrakatan. Kula mlajeng mring pundi, namung dhateng Pangeran. Nyuwun tulung, dhuh Allah mugi nglanting kawula sing sagung karibedan, dimenpulih lejara. 2. Tan wonten pangauban, sèstu namung Paduka, etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa. Yèn kegunturan* sedhih miwah nandhang sangsara. sinten kang nglipur malih, inggih namung Paduka. 3. Gusti dados pikekah miwah bètèng kawu1a, karosannya tyang lungkrah, pepadhangnya tyang wuta. Kula apes anglentrih, Gusti maringi kiyat; kula tyang kawlas-asih, tansah nyuwun sih-rahmat. 4. Gusti tuking kadarman, mugi mlasi mring kula. Uwala sing momotan wah kalis ing panggodha. Gusti tuking kraharjan kang kwasa mbirat dosa, mugi nucèkken kula, temah gesang sembada.

50. GUSTI MUGI MELASI !

50. GUSTI MUGI MELASI ! ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Gusti mugi melasi ! Gusti mugi melasi ! Mugi mlasi kula !

49. GUSTI KANG MAHAWILASA

49. GUSTI KANG MAHAWILASA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Gusti Kang Mahawilasa, mugi paring aksama. Kula getun de klepatan, nglawan dhateng Pangeran; nglirwakken dhawuh Paduka, manut hardaning driya. Temah tan ngraosken tentrem wah malih gesang langgeng. 2. Gusti Ingkang Mahatresna, mugi ngruwat kawu1a; temah kula dados suci miwah nunggil làn Gusti. Manah kang peteng wit dosa énggal pulih lejara. Pangajeng-ajeng binuka, ngener mring Allah Rama. 3. Gusti Ingkang Mahakwasa, mugi nuntun kawu1a; ngambah ing margi utami, nurut pangrèh Paduka. Awit kwasaning Roh Suci, nyingkur karsèng pribadya, nglawan kapéncuting donya, mrih raharja slaminya.

55. KULA TYANG DOSA

55. KULA TYANG DOSA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Kula tyang dosa klangkung ageng, rinentaha palimirma. Punika ngeramaken, kawula sewu tan nyana. Mangke tan wonten paniksa manke tan wonten paniksa Ming rumentah ing sih mirma, mring rumentah ing sih mirma. 2. Allah ngasihi dhateng kula, dosa kula ingaksama. Tan wonten mulading bendunya, wit kula ingangkat putra. Kula punika sinten, ta, (X2) dé rinentahan sih-mirma? (X2). 3. Sayogya kula gunggung-gunggung palimirmanipun Allah, kang nglepataken saking ukum miwah nuCékaken manah. Panggunggung kula tan liya, (X2) ming bab rentahing sih-mirma. (X2).

54. KULA SAESTU NGLENGGANA

54. KULA SAESTU NGLENGGANA ( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ / lirik KPJ ) Kula saestu nglenggana anyisahaken sesami. Mila getun manah kula, nalangsaing ngarsaning Gusti 2. Ilat kula nyenyidrani, gurung* kadya kubur menga lambé kebak wisa mandi, ngrerantam saliring piala. 3. Kula nyuwun katentreman, cinelakna mring kraharjan, nebih saking karisakan, wit Gusti paring panganyoman.

53. KAPYARSI GUSTI NIMBALI

53. KAPYARSI GUSTI NIMBALI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Kapyarsi Gusti nimbali, " He, wong kamomotan, mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran ! " Kula ngayom maring Gusti, dyan ayem sejati, awit tansah binerkahan, sinung karaharjan. 2. Kapyarsi Gusti nimbali, “Wong ngelak, mareka, ngombé banyu panguripan kang saka ing swarga’ Kula ngungsi maring Gusti, sinunga Roh Suci. tinuntun mrih mursid yekti, tresna mring sesami. 3. Kapyarsi Gusti nimbali, “Wong dosa, mareka, nampanana kurban suci, rah, srira sampurna!” Kula pasrah maring Gusti, kalis saking pati, wah ingangkat putrèng Allah, lantaraning berkah.

52.GUSTI SESTU KULA NALANGSA

52.GUSTI SESTU KULA NALANGSA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Gusti sestu kula nalangsa, awit asring mbalela, damel sekel galih Paduka, kelu ombyaking donya. Reff.   Dhuh Gusti, kawula nyuwun apura, sinucekken sing dosa.   Mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka.   2. Sestu kula angraosaken awrat dening momotan.    nging awit Paduka nulungi, tan awrat babar pisan.       Reff.....    3. Sestu kawula ngraosaken ing katresnan Paduka,    wit Paduka tan ngegakaken kula kawratan dosa.       Reff......

58. PANGLUWAR KANG SEJATI

58. PANGLUWAR KANG SEJATI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ /lirik KPJ ) Pangluwar kang sejati, myarsakna pasambat kula. Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya. Reff.   Gusti mugi rah Paduka nucekken manah kawula   temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu.   Suci sestu, suci sestu,   temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu.   2. Pangluwar kang sejati, paringa kiyat mring kula; setya ing lampah suci, ngetut wingking Paduka. Reff...... 3. Pangluwar kang sejati, mugi nuntun gesang kula; mbangun turut mring Gusti, tansah ngèstokken Sabda. Reff.....

57. NIKMATING DONYA NGGODHA ATI

57. NIKMATING DONYA NGGODHA ATI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Nikmating donya nggodha ati, mikat kita dimen nebih Gusti, lan kabeh iku tan nguripi, nging nggedeng kita mring telengin pati. Reff.   Aja randhat umareka,   sowana ing dina iki uga.   Gusti wus ngantya mring sira   lah Pangayomanmu kang tuhu sejati   2. Mara mbuwanga sengsemira, wit iku panyidra lan pamblasar, ninggala dosa lan duraka, ngungsi mring Gusti sira mesthi luwar. Reff....... 3. Marek mring Gusti tan suwala, aywa kalungsèn kadaluwarsa. Puputing nyawa tan kanyana, mula éstokna di énggal mareka. Reff......

56. MULIHA ANGGER

56. MULIHA ANGGER ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Muliha angger, muliha den enggal ! Paranmu wus adoh, lakumu kesasar Adhuh cilaka angger muliha ! Den enggal muliha ! 2. Élinga sira, wong dosa tobata. Ramamu kang asih nganti klawan sedhih. Adhuh, cilaka sira wong dosa, dèn énggal tobata. 3. Tobata sira, wong dosa nlangsaa! Suwarga omahmu, naraka satrumu. Adhuh, cilaka sira wong dosa, nging Allah ngaksama.

59. PINUJIA TANSAH ALLAH MAMIRAH

59. PINUJIA TANSAH ALLAH MAMIRAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Pinujia tansah Allah Mamirah, kang gung tresna nira mring salir titah. Tyang dosa duraka sinung apura, tinebus sing pati temah basuki Reff.   Luhurna, mulyakna Gusti Sang Pamarta !   Luhurna, mulyakna Pangruwating dosa.   Pasrah mring Allah srana pracaya   margining waluya tentrem raharja.   2. Pinuji slaminya Allah Matresna, kang ngegungken sabar mring tyang kang nasar, nuntun mring pitobat srana sih-rahmat, mrih tyang mursid yekti sinung Roh Suci. Reff......... 3. Pinuji tan kendhat Allah Murbèngrat, kang nunggil wah ngreksa mring kagungannya. Tyang bekti lan setya sinung nugraha, gesang langgeng nyata néng kraton swarga. Reff......

Lirik Lagu Rohani : Aku Mengasihi Engkau Yesus (Kurenungkan Firman-Mu)

Aku Mengasihi Engkau Yesus Verse : AKU MENGASIHI ENGKAU YESUS DENGAN SEGENAP HATIKU AKU MENGASIHI ENGKAU YESUS DENGAN SEGENAP JIWAKU Reff : KURENUNGKAN FIRMAN-MU SIANG DAN MALAM KUPEGANG P'RINTAH-MU DAN KULAKUKAN ENGKAU TAHU YA TUHAN TUJUAN HIDUPKU HANYALAH UNTUK MENYENANGKAN HATI-MU

60. PUNDI KANG NAJIS

60. PUNDI KANG NAJIS ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Pundhi najis tan kenging mlebet dhateng swarga Gusti sudi mirsani sabarang kang nistha Reff.  Nyuwun suci, adhuh Gusti,  nyuwun suci, nyuwun suci. 2. Kang najis datan tinrimah ngarsané Hyang Sukma. Adhuh Gusti mugi karsa mbirat dosa kula. Reff..... 3. Wit kang najis saged sirna, iba begja kula, Rahé Gusti kang ngicalken sakathahing dosa! Reff......

63. TYANG NAJIS NDLARUNG ING DOSA

63. TYANG NAJIS NDLARUNG ING DOSA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Tyang najis ndlarung ing dosa, tinampik mring swarga. Allah tan sudi mirsani sabarang kang nistha. Reff.   Nyuwun suci, adhuh Gusti,   nyuwun suci, nyuwun suci   2. Tyang najis datan tinampi ngarsané Hyang Widi. Adhuh Gusti, mugi karsa mbirat dosa kula. Reff...... 3. Tyang najis ndlarung ing dosa, pinagas ing sihnya. Dé kang yekti asung bekti, tinunggil ing Gusti. Reff..... 4 Tyang najis badhé sangsara, cinadhangan nraka. Kang mratobat badhé begja, cinadhangan swarga. Reff......

62. SIHING ALLAH KANG MAHATRESNA

62. SIHING ALLAH KANG MAHATRESNA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Sihing Allah Kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula. Yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa. Mila kula tansah muji tan kendhat rinten lan ratri 2. Yèn Allah nganggep dosa kula wah lepat klèntuning lampah, kawula nemahi antaka wit gesang mung awon tansah. Nging Gusti lubèr sih-rahmat kula pepuji tan kendhat. 3. Mring salir tyang, nggih sanak-kadang, mesthi kawula tedahna margi kang anjog ing pepadhang, yéku sih-rahmat sanyata. Punika sokur kawula mring Gusti Kang Mahatresna.

61. SAESTU KEDUWUNG

61. SAESTU KEDUWUNG ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Saestu keduwung kula, dene kirang setya. Kadhawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sesami, nging tan ana bukti Aduh Gusti, nyuwun suci 2. Saèstu keduwung kula, dé gesang mung nglaha. Kèlu pangwasaning dosa, mung nguja sengseming driya, lampah tan prayogi. Adhuh Gusti, nyuwun suci. 3. Saèstu keduwung kula, dé ndlarung ing dosa. Nadyan rinoban sih-rahmat, nging datan énggal mratobat, mangkotaken ati. Adhuh Gusti, nyuwun suci. 4. Saèstu keduwung kula, nglirwakken kwajiban mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan, tentreming dumadi. Adhuh Gusti, nyuwun suci. 5. Saèstu keduwung kula, lamun dugèng janji, gesang kula tan sembada, nilar citraning Sang Rama, mesthi dèn bendoni. Adhuh Gusti, nyuwun suci.

67. ALLAH KANG MAKWASA

67. ALLAH KANG MAKWASA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik kpj ) Allah kang Makwasa, karsa nampi kula dados rowang mitra, wah utusan Paduka; ngundhangken sihrahmat mring sagunging umat, mrih kratoning swarga sumrambah sadonya. 2. Mugi Sang Roh Sud lestantun mitulungi, mrih kula sembada leladi kanthi setya. Manah tansah bingah datan naté semplah, klayan ajrih-asih wah sepi ing pamrih

66. ALLAHE PARA PRACAYA

66. ALLAHE PARA PRACAYA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Allahe para pracaya ing sadhengah jaman, yeku pangauban kita, tuking kasampurnan. 2. Anèng ngarsaning dhamparnia. papan katentreman, panyuwun kang bener nyata, mesthi kaleksanan. 3. Sajagad raya dumadi karana sabdanya. Para titah angakeni pangwasa punika. 4. Allahé para pracaya lumintu tresnané. Mring sakèhing kagungannya langgeng pangrimaté.

65. AKU TAN NGRETI MENGKONE

65. AKU TAN NGRETI MENGKONE ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Aku tan ngreti mengkone, mung saderma mlaku. Dudu surya kang dakantu, jer iku bakal sirna. Mengkone aku tan kwatir, wit Gusti wus prasetya. Lakuku kinanthi Yesus, mula tentrem uripku Reff.   Bab akeh aku tan ngerti,   kang bakal dakalami,   nging aku yakin sayekti,   tasah kinanthi Gusti.   2. Sangsaya cetha lakuku, pindha sukma sumengka. Kepara ènthèng sangganku, kadya méga lir slaka. Suryané padhang sampurna, tanpa tangis ngrubéda; wasana kluwungé prapta ardi ngantos akasa. Reff.... 3. Aku tan ngreti mbésuké, bisa nandhang sangsara. nging kang paring pangan glathik lan ngayomi uripku. Wektu rumpil pandumanku, bisa urubing latu, nging Gusti anèng sisihku, wah nebus srana rahé. Reff.....

64. WONG DOSA REMPU ATIMU

64. WONG DOSA REMPU ATIMU ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Wong dosa rempu atimu, nlangsanana dosamu. Mbok ya ngungsia mring Gusti, mesthi kinarya suci. Reff.   Gusti nimbali sira,   rungoknata sabdanya,   pasraha jiwa raga.   2. Hé, wong kang ilang kesasar, saparanmu kapirsan. Gusti nglari lan nimbali, bakal karsa nulungi. Reff..... 3. Gusti kwasa, mahamirah nresnani sagung jalma. Mula dèn énggal mareka, mesthi tan nampik sira. Reff...... 4. Sira kaancam ukuman laknat wit dosanira, nuli énggal umareka, tinebus ing rah adya. Reff.....

70. AMUNG GODHONG

70. AMUNG GODHONG ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Amung godhong, lah ta adhuh, Gusti nganti muwun, dene ngupados wohira, katemenan miwah tresna, nanging kang pinanggya amung godhong amung godhong 2. Amung godhong, adhuh laé, datan ana wohe. Saiba ta bilainya, yèn kadhawahan supata. awit kang kadarbya amung godhong, amung godhong. 3. Amung godhong, dhuh bilai, yèn ndungkap ing janji, Mari jamaning kawlasan, kan jaman pengadilan; mangka kang kawuryan amung godhong, amung godhong. 4. Amung godhong, kembang lambé, ujar tanpa gawé; kang sinebar gung kadarman, kang thukul mung kasaguhan, tembung-tembung lahan, amung godhong, amung godhong. 5. Amung godhong, Gusti rawuh mriksa kang tumuwuh; playunira menyang ngendi, lamun wohira mung dami, mung pakaning geni? Amung godhong, amung godhong.

69. ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA

69. ALLAH  MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Allah Maha kwasa jumeneng Pamarta, sestu gung tresnanya, angruwat dosa. Salir tyang pracaya lamun tansah setya luwar sing antaka, mlebet mring swarga. Reff.   Sung sembah puja konjuk Sang Rama,   kang paring nugraha tentrem raharja.   Sung sembah bekti konjuk mring Gusti,   kang sampun nyawisi kamulyan swargi.   2. Rama Mahamirah ngrentahken gung berkah tyang nandhang sangsara manggih waluya Saliring pra umat tan kendhat rinimat. srana peparingnya, nadyan prasaja. Reff..... 3. Gusti Mahaagung kang paring pitulung, nglipur manah sisah mrih datan semplah. Njangkung kagungannya, temah tansah begja, gesang mursid yekti dumugèng janji. Reff...... 4. Pangéran murbéngrat nglubèrken sih-rahmat. mbélani tyang leres saking panindhes. Nunggil tyang pracaya temahan santosa, kuwawa ngasorken salir panggodha. Reff......

68. ALLAH MAASIH

68. ALLAH MAASIH ( Kidung Pasamuwan Jawi / kpj / lirik kpj ) Allah Maasih asung Putranya, Allah Ma asih mring manungsa. Reff.   Mila kula ngidung Allah Maasih,   Allah Maasih mring manungsa   2 Gusti ingutus dadya Pamarta, Gusti ingutus nebus kula. Reff....... 3. Gusti Pamarta ngurbanken nyawa, Gusti Parnarta mbirat dosa. Reff...... 4. Gusti nyirnakken salir prihatin Gusti nyirnakken ajrih kwatir Reff...... 5. Kula sinungan tentrem raharja kula sinungan pangaksama Reff...... 6. Kula sinungan sejati kula sinunqan kraton swargi Reff.......

Lirik Lagu Rohani : Kasih Yesus Indah Dalam Hidupku (Kasih Yesus Mengalir Dalamku)

Kasih Yesus Indah Dalam Hidupku Verse : KASIH YESUS INDAH DALAM HIDUPKU MENGHIASI HATI DAN JIWAKU KUTAK DAPAT HIDUP TANPA KASIH-MU TUHAN PEGANG TANGANKU SEPANJANG JALANKU Reff : KASIH YESUS MENGALIR DALAMKU SEPERTI SUNGAI YANG TAK PERNAH KERING KASIH YESUS MEMBEBAT HATIKU DALAM KASIHMU KU MERASA TEDUH

71. DUK NYIPATI GUNG PAKARYANING GUSTI

71. DUK NYIPATI GUNG PAKARYANING GUSTI (Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / Lirik kpj ) Duk nyipati gung pakaryaning Gusti lintang abyor ing dalu kang sepi, wah gumleger ing gludhug ing akasa, kula ngungungunging kamulyanta. Reff.   Nyawa kula gya sumyak sung puja,   yekti Allah mahakwasa.   Nyawa kula gya sumyak sung puja,   yekti Allah mahakwasa.   2. Lamun nlasak tengahing wana-wasa sato peksi kekidungan ramya. Wonten ngaré dalah ing ardi ugi, gung gurnelar sesawangan adi. Reff........ 3. Yèn siniram siliring samirana sesekaran dalasan woh-wohan. gandanira arum angambar-ambar ngunguning tyas anumusi bingar Reff......... 4. Klangkung ageng sih-katresnan Paduka, ingurbanken Sang Kristus, Kang Putra. sinangsara, séda tedhak naraka. mrih manungsa basuki slaminya. Reff........

74. GUSTI MUGI NUNGGILA

74. GUSTI MUGI NUNGGILA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ Lirik KPJ ) Gusti mugi nunggila mring kula. Yen takesaput peteng ing ratri, namung Paduka kang mitulungi. Sumangga, Gusti nunggil mring kula. 2. Ewah-gingsir sabarang nèng donya. datan langgeng ing kaananira; nging iman kula panggah santosa, wit Paduka tansah nunggil kula. 3.Saèstu Gusti dados peparang, pikekah jroning gung karibedan, tamèng prahara anèng samodra; wit Gusti tansah nunggil mring kula.

73. GUSTI KULA

73. GUSTI KULA ( Kidung Pasamuwan jawi / kpj/ lirik kpj ) Gusti kula ingkang wonten swarga, pinujia Paduka ing slaminya. Sestu agung sih palimirmanta. Haleluya ! Heleluya ! 2. Gusti rawuh tumedhak anèng donya, at welas nebus gunging tyang dosa, rinukunken lan Allah Sang Rama. Haléluya ! Haléluya ! 3. Gusti séda krana kula tyang dosa, dé ninguné panjer gesang sanyata, mila kula mituhu dhawuhnya. Haléluya ! Haléluya!

72. GUSTI KAWULA INGKANG BINERKAHAN

72. GUSTI KAWULA INGKANG BINERKAHAN ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Gusti kawula ingkang binerkahan; seda Paduka sung kawilujengan. Kawula nglari nadyan klayan sisah, dadosa margi mring resik ing manah. Reff.   Resik pethak ngungkuli salju,   manah resik pethak ngungkuli salju   2. Gusti kawula ingkang binerkahan; darah Paduka sèstu sipat imam. Katundhunga sawarnining brahala, dimèn kawula resik tanpa cela. Reff..... 3 Gusti kawula ingkang binerkahan; mugi lebura salir kasisahan. Kula sinungana énggaling driya, murih dados resik klayan sampurna. Reff....... 4 Samangké sèstu pitados kawula, tar badhé kemba mituhu Paduka. Lubèring kamirahan kebak berkah, mbangun jiwa miwah resiking manah. Reff......

78. IBA BEGJAKU

78. IBA BEGJAKU ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / Lirik KPJ ) Iba begjaku lamun yakin Yesus duweku ing salamanya; aku tebusan kagungane, anyaruripku krana rahe. Reff.   Aku memuji klayan rena, nggunggung asmane slamanya.   Aku memuji klayan rena, nggunggung asmane salamanya.   2. Lamun pasrahku trusing kalbu, temah sampurna kabungahanku.    Pra malaekat asung puji, samnya ngunghangken sihing Gusti.       Reff.....    3. Dakaturake jiwa-raga marang Gustiku, atiku lega,    klayan anganthi sarawuhe, matemah antuk sih-rahmate.       Reff.....

77. IBA ADI TUWIN ENDAHNYA

77. IBA ADI TUWIN ENDAHNYA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik kpj ) Iba adi tuwin endahnya dinten ageng ingkang mulya.  Tiyang dosa wanuh Pamarta, samya nampi gesang nyata. Gesang ing astaning Panutan ingkang kebak kaayeman. Sagung dosa sampun ical; mangkya ngrasuk gesang enggal 2. Iba adi tuwin éndahnya pawartos ingkang kapyarsa Turut margi arum swaranya pangundhanging kabar adya Kabar rahmat saking Pangéran rentahing berkah kraharjan Kula samya tiyang dosa rinentahan palimirma. 3. Tyang dosa dèn sami mirengna, yogya samya anilingria, napa sampun wanuh swaranya? Lamun dèrèng, mangga samya énggal, umarek mring ngarsanya klayan éklas, manah suka. Mung déning Yésus nggèn kita saged wangsul dhateng swarga.

76. GUSTI YESUS KANG MAASIH

76. GUSTI YESUS KANG MAASIH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Gusti Yesus Kang Maasih, mugi paring aksama ! Gusti Yesus Kang Maasih, kula tyang dosa 2. Gusti Yésus Kang Mawelas, mugi paring 1asa Gusti Yésus Kang Mawelas, kula tyang dosa. 3. Gusti Yésus Kang Matresna, mugi nampi kawula: satuhu kula mratobat, n’langsani dosa.

75. GUSTI NUNGGIL

75. GUSTI NUNGGIL ( kIDUNG Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik kpj ) Gusti nunggil mring kula klayan tresna lan kwasanya. Klayan astanya kang santosa ngreksa kula. Klayan sihrahmat lan berkahnya ngayomi kula Amin !

79. KARSA PADUKA PRIYANGGA

79. KARSA PADUKA PRIYANGGA ( kIDUNG Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik kpj ) Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan. Pra kang sabar myang pracaya, tamtu antuk pitulungan Reff.   Paukuman katampia lir penget lan pitedah   dimen tangguh ing pangantya, tan koncatan sih Paduka.   2. Gusti tuking pitulungan, panglipur, lan pangayoman. Sagung pitedah Paduka tan badhé kawu1a lawan. Sihing Gusti lir samodra lubèr ngerobi kula. Wah nyata sabda Paduka mratélalakken palimirrna. 3. Kawula nyuwun, dhuh Gusti, lamun manggih kasisahan, panggodha, miwah panyobi, kawula sageda tahan. Tan kuwatos, tan sumelang, sih Paduka cumadhang, temah unggul kula yektos, karana saking pitados.

82. LAMUN KULA KASAYAHAN

82. LAMUN KULA KASAYAHAN ( kIDUNG pasamuwan jawi / kpj / lirik kpj ) Lamun kula kasayahan, kamomotan, kemengan; kula marek dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka. Reff.   Kula marek, dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka.   Nyuwun ayem, dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka.   2. Gusti sarèh ing panggalih, mugi mulang mring kula, sinagedna tansah setya, manut pangrèh Paduka. Reff..... 3. Mugi ngirid lampah kula, dhuh Pamarta kang setya, tinuntuna maring swarga, manggih tentrem-raharja. Reff.....

81. LAMUN ATIMU SUSAH

81. LAMUN ATIMU SUSAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik kpj ) Lamun atimu susah, mareka marang Allah ! Allah paring pikekah angger sira apasrah. 2. Lamun peteng atimu wah sumelang pikirmu, sesambata mring Gusti, mesthi dènpitulungi.

80. KRANA ALLAH TRESNA

80. KRANA ALLAH TRESNA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Krana Allah tresna mring jagad sarta nggenira angasihi, iku kongsi masrahake Ingkang Putra ontang anting, supaya sakehing jalma kang pracaya lan ngugemi, ywa kongsi nemu karusakan, nanging langgeng gesang ira.

84. MARA WONG DOSA, WONG CILAKA, MAREKA

84. MARA WONG DOSA, WONG CILAKA, MAREKA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Mara wong dosa , wong cilaka, mareka mring Gusti Pamarta; temah binirat dosa nira, krana gunging sihnya. Reff.   Saiba karaharjanira, yen wus manjing pracaya,   sinung begjaing gesangira, uwal sing antaka.     2. Bocah uga ya dên kasihi; mula sowana ngarsèng Gusti, mrih dadya putra prasetyannya, krana gunging sihnya. Reff..... 3. Aja semaya, gya mareka, wit tan ngerti praptaning pati. Gusti ngantya mring tobatira, krana sih-rahmatnya. Reff......

83. LAMUN SIRA SUSAH

83. LAMUN SIRA SUSAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik kpj ) Lamun sira susah, wah asedhih, aja sira supe', Allah tan tebih Aja wedi, Gusti anganthi, dyan peteng dalunya, enjing: padhang byar. Nadyan panggodha amisesa, Gusti nganthi sira, dugeng dlahan 2. Pangéran tan pegat, panjangkungé, myang sihnya tan kendhat mring kagungane* kasusahan wah karubedan sestu tan munjuli — tulungé Gusti. Nadyan panggodha, amisésa Gusti nganthi sira, dugèng dlahan !

Lirik Lagu Rohani : Sejauh Timur dari Barat (Betapa Besar Kasih PengampunanMu Tuhan)

Sejauh Timur dari Barat Verse : SEJAUH TIMUR DARI BARAT ENGKAU MEMBUANG DOSAKU TIADA KAU INGAT LAGI PELANGGARANKU JAUH KEDALAM TUBIR LAUT KAU MELEMPARKAN DOSAKU TIADA KAU PERHITUNGKAN KESALAHANKU Reff : BETAPA BESAR KASIH PENGAMPUNAN-MU TUHAN TAK KAU PANDANG HINA HATI YANG HANCUR KU BERTERIMA KASIH KEPADA-MU YA TUHAN PENGAMPUNAN YANG KAU BERI PULIHKANKU

87. NENG KASA NGUMANDHANG ASMA

87. NENG KASA NGUMANDHANG ASMA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik kpj ) Neng kasa ngumandang asma sajuga, kang anepangaken jagad  lan swarga. Datan wonten asma kados punika, kang kwasa nyirnakken pangrehing dosa. Napa sami dereng wanuh, Gusti Yesus Kristus yeku asmane ? 2. Wus pantes asmané lan pakaryané. Rawuhé ing donya wit gunging sihé, nebus tiyang dosa, sinalib séda, gya wungu nyawisken papan ing swarga. Napa sami dèrêng wanuh, Gusti Yésus Kristus yéku asmané? Sang Kristus samangké ngratoni Swarga, ngasta pangwasané Allah Sang Rama, ngadili jagad ing mbénjing rawuhé, kula pareng ndhèrèk ing kamulyane Yésus Kristus Sang Pamarta, punika asmané panutan kula

86. MUGI SAMPUN ANGLANGKUNGI

86. MUGI SAMPUN ANGLANGKUNGI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Mugi sampun anglangkungi dhateng kula, dhuh Rama. Tyang kathah Paduka wlasi, mugi mlasi mring kula nggih kula nggih kula, mugi mlasi mring kula. 2. Sampun anglangkungi kula, dhuh Pamarta kang setya Gusti nimbali tyang dosa, mugi nimbali kula; nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula. 3. Dhuh Roh Suci mugi sampun anglangkungi kawula; tyang wuta antuk pepadhang, mugi madhangi kula; nggih kula, nggih kula, mugi madhangi kula. 4. Dhuh Pangèn, sampun alangkung, sih Paduka rumeksa. Tyang sanès dipun ayomi, mugi ngayomi kula; nggih kula, nggih kula, mugi ngayomi kula. 5. Ku mireng tíyang kathah tampi berkah Paduka; wit kula ingangkat putra, mugi mberkahi kula; nggih kula, nggih kula, mugi mberkahi kula.

85.MUGI GUSTI MELASI

85.MUGI GUSTI MELASI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik kpj ) Mugi Gusti melasi. Mugi Gusti melasi. Mugi Gusti melasi. Mugi Gusti melasi. Gusti melasi kula.

88.OSIKING MANAH KAWULA

88.OSIKING MANAH KAWULA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Osiking manah kawula tan kenging kaendhakna, kadereng asung pamuji wit sih tresna Paduka. Gusti tedhak saking swarga dhateng jagad kang nistha, ngrembat dosaning prajalmi nguwalken saking pati. 2. Gusti, Paduka siniya cinampahan tan taha*, wit mundhi dhawuhing Rama mitulungi manungsa; ngunjuk tuwunging sangsara wah séda ing Golgota. “Wus rampung”, panguwuhira sarta masrahken nyawa. 3. Sih Paduka dhateng kula sanget kawula pundhi. Salib Paduka ndadosna bingah kula lestari. Saiba begja kawula darbé Juru- basuki; kalanqkunq panuwun kula wah asmanya pinuji

89. PUJI KONJUK ALLAH

89. PUJI KONJUK ALLAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Puji konjuk Allah Kang Mahamirah; ing rinten dalah ratri tansah ngganjar berkah; tyang mursid dalah mursal tan badhe ketriwal 2. Puji lan panuwun mring Hyang Maagung; ngganjar berkah mirunggan mring tyang kang pracaya; yéku kawilujengan lan tentrem-raharja. 3. Puji sarta sokur mring Kang Maluhur; dé ngganjar berkah adi mring tyang kang ngabekti, winuwuhan sih-rahmat pangrimat tan kendhat.

92. SESTU AGUNG SIHE GUSTI

92. SESTU AGUNG SIHE GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Sestu agung sihe Gusti mring titah sabumi. Milujeng aken tyang dosa, mrih manggih raharja. 2. Sih-rahmat sihé Pangéran mring tyang kang pracaya    sestu punika ganjaran dahat agungira. 3. Nugraha surnber kakiyatan mring manah kang lesah*    mrih tan nilar kayektosan wit lubèr ing berkah. 4. Nadyan kathah pepalangnya dalasan rubéda,    nyang pitados rineksa, sembada gesangnya.

91. SALIR WONG PRACAYA

91. SALIR WONG PRACAYA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Salir wong pracaya ywa urip sembrana sih rahmate Gusti samnya den tampeni Nadyan lelahanan, nging sih kanugrahan; yeku kurban sejati, Sang Kristus Gusti. 2. Kaslametanira bisa ilang sirna, yèn sira sembrana nglirwakken sabdanya. Mula dèn tumemen klayan geter, wedi, nggonira manut Gusti, putrèng Hyang Widi. 3. Wong pracaya samya di tansah waspada. Dosa wah panggodha énggal dènkalahna. Tampanana sih-rahmat srana pitobat; antuka tentrem-mulya nèng Gustinira.

90. RAMA PANGAYOMAN KULA

90. RAMA PANGAYOMAN KULA ( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Rama Pangayoman kula, sih kawelasan Paduka andamel manah ayem Sih kawelasan Paduka andamel manah ayem

94.SUMANGGA MAREKA

94.SUMANGGA MAREKA ( Kidung Pasamuwan jawi/ kpj/ lirik KPJ ) Sumangga mareka ngarsane Gusti kita, anggunggung asmanya. Wit sihe kang sanyata maringken Kang Putra, yeku marginira birat dosa kita, wah gesang sembada. 2. Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti,    kang tansah mberkahi wrata titah sabumi.    Allah ingkang murba pratala-akasa    paring kaendahan miwah kautaman. 3. Yehuwah Makwasa maringi kabingahan,    lan tentrem raharja dugeng jaman klanggengan.    samnya tansah panggah mituhu mring Allah,    minangka panuwun, wit gung berkahipun.

93. SIH PADUKA GUSTI

93. SIH PADUKA GUSTI ( kidung pasamuwan jawi / KPJ/ lirik kpj ) Sih Padua Gusti, mugi tansah amelasi rina klawan wengi tansah kula anti 2. Sih Paduka Gusti nyirnakken kwasaning pati,    aparing basuki wah tentreming ati. 3. Kula na1angsani sagung dosa kang kawuri,    kula nalangsani, kula nelangsani.

Aba, Ginoong Maria (Tirol) Lyrics and Chords

Gambar
Song Title "Aba, Ginoong Maria" Lyrics and Chords Music by Paulo Tirol Album: Hangad Category: Marian Intro: 2/2 AM7 - E/G# - F#m7 - E/G# - AM7 - E/G# -F#m7 - A/B - E9           F#m      E/9/G#   F#m7   E9 Aba, Ginoong Maria,           F#m7    G#sus  G#7   C#m  C#m7/B A napupuno     ka ng            grasya!                    B                     E9  B/D# Ang Panginoon ay sumasaiyo.     C#m              C#m7/B          A        /B   G#m7 Bukod kang pinagpala     sa babaeng    lahat, C#m      F#m9  F#m7/E     Bsus4 B     B7/D# - E9 C#sus4/D# at pinagpala ang 'yong    Anak    na si He - sus. G#7      C#m   C#m7/B           G#m7 C#m Santa Maria,                Ina ng Diyos,        F#m7   B7sus 4  B7     E9 B/D#          C#m ipanalangin mo              kaming      makasalanan       C#m7/B                A9  E/G# GM7   B7sus4 B7 E9 ngayon        at kung kami'y       mamamatay. (Ulitin) A9  E/G#   F#m7  A/B  E9 Amen.                  A - men. 2018 Catholic Songbook Like us

Ama Namin (Ramirez) (Lyrics and Chords)

Gambar
Song Title "Ama Namin" Lyrics and Chords Music by Fruto Ramirez, SJ Album: I Am Ever With You Category: Pater Noster, Our Father Intro: 4/4  C - C#dim - G/D - E7 - Am - D7 - G           G         G/B        Am Ama namin, sumasa-langit Ka,            D7          D7/F#  G  D7 Sambahin ang Ngalan Mo.             G       G/B        Am Mapasaamin ang kahari - an Mo.       B7                Em   G7 Sundin ang loob Mo C             C#dim G/D   E7     Am  D7 G  Dito sa lupa      para nang sa la - - - ngit     Em          Am    Bigyan Mo kami ngayon       B7                       Em ng aming kakanin sa araw-araw.                      Am                F#7             B7  D7 At patawarin Mo kami sa a - ming mga sala,           G             G/B        G+         C Para nang pag - pa - pa - tawad namin       Am            D7       G sa mga nagkasala sa amin.     Dm7            E7            Am       Cm6/Eb At h'wag Mo kaming ipahintulot sa tukso,           G/D                   

96. TYAS KITA DIMEN SLAMANYA BUNGAH

96. TYAS KITA DIMEN SLAMANYA BUNGAH ( Kidung Pasamuwan Jawi /KPJ / lirik kpj ) Tyas kita dimen slamanya bungah lan sukarena, dene Sang Rama ing swarga nganggep putra mring kita. Reff.   Mara tansah abebungah saben dina antuk trang   Dalaning urip endah apadhang, mara tansah den girang   2. Hyang Agung kang njangkung kita,    angreksa sing panggoda.    Sih-rahmatnya kang anglipur,    paring kuwat-santosa. Reff..... 3. Lamun kita nyingkur Gusti,    nèng ati peteng, uwas.    ilang kekuwatan kita,    wah kabungahaning tyas. Reff...... 4. Balik wong kang amiturut,    tansah padhang dalannya.    Mula mara manut Gusti,    suminggah saking dosa. Reff........

95. TANSAH DAKRANGKUL SALIBE

95. TANSAH DAKRANGKUL SALIBE ( Kidung pasamuwan jawi / KPJ / lirik kpj ) Tansah dak rangul salibe Gusti kang agung tresnane sarta dhangan dak ungseni, dak rangkul salibe. Reff.   Dak rangkul salibe, dak rangkul salibe,   yeku margining sih rahmat, dak rangkung salibe.   2. Yèn aku kabidhung susah, ing ati rasané lesah.    mesthi malih dadi bungah, yèn ngrangkul salibé. Reff..... 3. Ing sajroning karubedan sarta yèn nyangga momotan,    Gusti kang paring karosan; dakrangkul salibé. Reff........ 4. Sanadyan ta nandhang susah utawa atiku bungah,    di tansah tresna mrîng Gusti; dakrangkul salibé. Reff........

98. WONG KANG KAMOTAN DOSA

98. WONG KANG KAMOTAN DOSA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Wong kang kamomotan dosa, Gusti ungsenana. Agung sih pangapuntennya mring wong kang pracaya. Reff.   Pracayaa, pracayaa mung pracayaa !   Gusti kwasa, Gusti kwasa ngluwari sira.   2. Gusti wus nglampahi seda    ngrembat dosa kita.    Rahe anucekken kalbu    dyan putih lir salju.      Reff.....   3. Gusti kang dadi marganya    mrih tumekeng swarga.    Saben wong kang angugemi,    sinembadan yekti.      Reff....

97. UWAL SING LAKNAT

97. UWAL SING LAKNAT ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik kpj ) Uwal sing laknat; iba begjaku ! Gusti wus seda, mbirat dosaku, temah luwar sing paukuman, denya nguwar babar pisan. Reff.   Babar pisan dennya nulungi, babarpisan dennya ngrampungi.   Rumaketa ing pamenthangan, mesthi luwar babarpisan.   2. Saiki kita padha mardika, Gusti wus nanggel ing slamet kita,    linuputken sing karusakan, sinucèkken babar-pisan, Reff...... 3. Putrané Allah, sebutan kita, kang tilas satru pinundhut mitra,    kang utang pati inguripan, wit tinebus babar-pisan. Reff....

099 AKU DUWE PAMARTA

099 AKU DUWE PAMARTA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Aku duwe pamarta, Yesus Kristus asmanya, kang ngurbanken sarira, ngruwat aku sing dosa Reff.  Satuhu Gustiku, Yesus Kristus Pamartaku,  dak puji trus ing kalbu 2. Aku duwé Pamarta, satuhu ing kasetyan.    Yèn aku nyangga panandhang, pinaringan karosan. Reff..... 3. Aku duwé Pamarta, putrèng Allah pribadya.    yen aku karoban susah, tinunggil mrih tan lesah. Reff..... 4. Aku duwé Pamarta, nyata murwat pangrèhnya    Lamun pepeteng nglimputi, Gustiku kang ng1uwari Reff.... 5. Aku duwé Pamarta, sih-rahmaté tan kendhat.    Yèn aku tumibèng dosa, dèntuntun mring pitobat. Reff.....

Lirik Lagu Rohani : Dengan Seg'nap Hati Dengan Seg'nap Jiwa

Dengan Seg'nap Hati, Dengan Seg'nap Jiwa Verse 1 : DENGAN SEG'NAP HATI DENGAN SEG'NAP JIWA DENGAN KEKUATANKU KUSEMBAH KAU TUHAN Verse 2 : DALAM KEKUDUSAN-MU KUANGKAT TANGANKU KURINDU SELALU DALAM HADIRAT-MU Reff : S'BAB ENGKAU YANG KUDUS ANAK DOMBA ALLAH DARAH-MU TERCURAH DIATAS KALVARI S'BAB ENGKAU YANG LAYAK TERIMA PUJIAN HORMAT DAN KUASA S'KARANG DAN S'LAMANYA

Lirik Lagu Rohani : Bukan Dengan Barang Fana (Kutelah Mati dan Tinggalkan)

Bukan Dengan Barang Fana Verse 1 : BUKAN DENGAN BARANG FANA KAU MEMBAYAR DOSAKU DENGAN DARAH YANG MAHAL TIADA NODA DAN CELA Verse 2 : BUKAN DENGAN EMAS PERAK KAU MENEBUS DIRIKU OLEH SEGENAP KASIH DAN PENGORBANAN-MU Reff : KUTELAH MATI DAN TINGGALKAN CARA HIDUPKU YANG LAMA SEMUANYA SIA-SIA DAN TAK BERARTI LAGI HIDUP INI KULETAKKAN PADA MEZBAH-MU YA TUHAN JADILAH PADAKU SEPERTI YANG KAU INGINI

Lirik Lagu Rohani : Betapa Hatiku Berterima Kasih Yesus (Hanya Ini Tuhan)

Betapa Hatiku Berterima Kasih Yesus Verse : BATAPA HATIKU BERTERIMA KASIH YESUS KAU MENGASIHIKU KAU MEMILIKIKU Reff : HANYA INI TUHAN PERSEMBAHANKU SEGENAP HIDUPKU JIWA DAN RAGAKU S'BAB TAK KUMILIKI HARTA KEKAYAAN YANG CUKUP BERARTI TUK KU PERSEMBAHKAN HANYA INI TUHAN PERMOHONANKU TERIMALAH TUHAN PERSEMBAHANKU PAKAILAH HIDUPKU SEBAGAI ALATMU SEUMUR HIDUPKU

100. ALLAH INGKANG MASUCI

100. ALLAH INGKANG MASUCI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Allah ingkang masuci, mugi Gusti melasi, sampun ngukum kula, merdi klayan bramantya, nging enggal den entasna sing sisah sangsara. 2. Allah ingkang makwasa    ngrentahna sih-wilasa.    Nyawa kula giris    kanthi deres ing tangis.    Badan sangsaya pepes    manah kraos nggrantes. 3. Allah ingkang matresna    nglubèma kawlasanta.    Rinten dalah ratri,    luh kula tansah mili.    angantya pangluwaran    sing gung karupekan. 4. Allah ingkang maluhur,    puji panuwun katur.    Wit gunging sih-rahmat    dé myarsakken pasambat;    nguwalken sing pra satru,    anentremken kalbu

103. ALLAH YEKU PANGEN SATUHU

103. ALLAH YEKU PANGEN SATUHU ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Allah yeku pangen satuhu, pangrehnya nentremken kalbu. Kulatansahrinimatan srana sagungingkamirahan. Reff.   Ing jurug ing pati tan wedi bilai,   wit Gusti pribadi kang nganthi.   Nadyan mengsah kathah, manahdatan semplah,   wit berkahnya rumentah.   Mung kabegjan saha kadarman ngiring salamining gesang,   sarta kula badhe manggen tansah ing daleme Sang Yehuwah.   2. Ayem manah lan nyawa kula ing ayoming sihé Gusti,    sarta tinuntun astanya ing kayektosan kang sejati.       Reff.....

102. ALLAH YEKU PANGEN KULA

102. ALLAH YEKU PANGEN KULA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ /lirik KPJ 0 Allah yeku pangen kula kang gung sihtresnanya. kula tansah rinimatan sarana gung kadarman. 2. Kula tansah dèn ayomi,    mila ayem yekti;    tinuntun ing margi adi,    wit asmané Gusti. 3. Kula tan ajrih bilai,    wit kinanthi Gusti;    wah lestantun pangreksanya,    temah kula begja. 4. Nadyan sinatru ¡ng mengsah,    nging tatag ing manah;    Allah nglubèrken sih-rahmat,    berkahnya tan kendhat. 5. Kula rinoban kabegjan    salamining gesang,    saha manggèn lan memuji    ing daleme' Gusti.

101. ALLAH KANG DADOS PEPADHANG

101. ALLAH KANG DADOS PEPADHANG ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Allah kang dados pepadhang nuntun dhateng kraharjan. Astanya sestu santosa, ngreksa tyang kang pracaya. Pepadhang ing Allah nganthi, ngirid ing ngajeng lan wuri, 2. Allah kang dados pepadhang peparing klayan loma.    Sabdanya kebak pangwasa, sung pangayoman nyata.    Sèstu pepakèning Allah nyegerken manah kang lesah,    wah ngiyatken ing lampah. 3. Allah kang dados pepadhang, nuntun kanthi katresnan.    Gegayuhaning pra suci, margining kasampurnan.    Kula badhé salaminya ndhèrèk Gusti klayan setya,    wit mesthi dugèng swarga. 4 Allah kang dados pepadhang, madhangi manah kula.   salaminya kiula gesang tansah pasrah-pracaya.   Kula tan ajrih bebaya, karibedan wah sangsara,   wit Gusti nganthi kula.

106. AMUNG KUMANDEL IKU

106. AMUNG KUMANDEL IKU ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Amung kumandel iku uwiting karosanku. Amung kumandel iku etuking kraharjanku Reff.   Aku datan kuwatir, Pangeran pepujanku   Allah dadi kraharjanku, uwiting karosanku   2. Amung pracaya iku    kang mbungahken driyaku.    Amung pracaya iku    panglipuring batinku.    Reff........... 3. Srana pangandel iku    ngilang ken prihatinku.    Srana pracaya iku    sirna was-sume1angku.     Reff....

105.AMAREMA

105.AMAREMA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Amarema dhuh nyawaku GustiAllah Ratumu. Samubarangs solan salin, Allah tan ewah gingsir 2. Wong aurip sok wiyaèn*;    kang ana tan narima,    takon barang kang tan ana,    mbasantuk**, tan keduga. 3. Dhuh nyawaku, dèn amarern,    nrimaa ing satitah,    ing satiba-tibanira    suméndhéa mring Allah.

104.ALLAHE PARA PRACAYA

104.ALLAHE PARA PRACAYA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Allahe para pracaya ing sadhengah jaman, yeku pangauban kita, tuking kasampurnan. 2. Anèng ngarsaning dhamparnya,    papan katentreman,    panyuwun kang bener nyata,    mesthi kaleksanan. 3. Sajagad raya dumadi    karana sabdanya.    Para titah angakeni    pangwasa punika. 4. Allahé para pracaya    lumintu tresnane.    Mring akèhing kagungannya,    langgeng pangrimaté

108.GESANG KEBAK KEKERAN

108.GESANG KEBAK KEKERAN ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Gesang kebak kekeran, angel den jajagi Dhateng ing kasangsaran trus gilir gumanti Namun Paduka, Gusti, mirsa samukawisnya Kula pasrah, sumarah pangreh Paduka. 2. Gesang kebak kekeran, angel dènjajagi    Reribed, kasisahan, silih andhatengi.    Anèng astané Gusti, manah kula tan semplah,    tansah pasrah, sumarah pangrèhing Allah. 3. Gesang kebak  kekeran angèl dènjajagi.    Panggodha wah pacoban mung meemiris ati.    Wit pitulunge Allah, kula mantep pracaya    Kula pasrah, seumarah pangrehing Allah.

107. AMUNG WONTEN ING SARIRANING GUSTI YESUS

107. AMUNG WONTEN ING SARIRANING GUSTI YESUS ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Amung wonten ing sariraning Gusti Yesus, papan manunggil ing praumat kang tinebus, temah luntur linebur, sagung manah priyangga jumbuh kukuh rinengkuh sang Pamarta Amung wonten ing sariraning Gusti Yesus, papan manunggil ing pra umat kang tinebus, temah luntur linebur, sagung manah priyangga, jumbuh kukuh rinengkuh Sang Pamarta. Atut runut sihira, tresna sesami. Rinangkul sihing Sang Rama, tinuntun Roh Suci. Gandheng asta lan rasa, tumus trusing wardaya, sumuyud angabekti, Hyang Makwasa, Sang Rama, Sang Putra, lan Roh Suci.