69. ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA

69. ALLAH  MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Allah Maha kwasa jumeneng Pamarta, sestu gung tresnanya,
angruwat dosa. Salir tyang pracaya lamun tansah setya
luwar sing antaka, mlebet mring swarga.

Reff.
  Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
  kang paring nugraha tentrem raharja.
  Sung sembah bekti konjuk mring Gusti,
  kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
 
2. Rama Mahamirah ngrentahken gung berkah
tyang nandhang sangsara manggih waluya
Saliring pra umat tan kendhat rinimat.
srana peparingnya, nadyan prasaja.

Reff.....

3. Gusti Mahaagung kang paring pitulung,
nglipur manah sisah mrih datan semplah.
Njangkung kagungannya, temah tansah begja,
gesang mursid yekti dumugèng janji.

Reff......

4. Pangéran murbéngrat nglubèrken sih-rahmat.
mbélani tyang leres saking panindhes.
Nunggil tyang pracaya temahan santosa,
kuwawa ngasorken salir panggodha.

Reff......

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan