Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2018

109. GUSTI PANGAYOM KANG SETYA

109. GUSTI PANGAYOM KANG SETYA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Gusti ngayom jang setya ngirid lampah kawula. Nadyan panggodha nempuha, kula tan badhe lena, wit kinanthi dening Gusti siyang dalasan ratri, siyang dalasan ratri 2. Gusti Pangèn kang sejati ;    kula tansah rinimat.    Tebih saliring bilahi,    wit sinungan sih-rahmat.    Astanira nglanting kula    neguhaken wardaya,    neguhaken wardaya. 3. Gusti pepadhang sejati;    tansah nuntun kawula.    Nadyan rubéda ngribedi,    datan semplah ing driya.    Berkahira ngreksa kula    ngantos ing salaminya,    ngantos ing salaminya.

111. GUSTI YESUS PAMARTA

111. GUSTI YESUS PAMARTA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Gusti Yesus Pamarta, parang ing kang sampurna Krana ngungsi mring Gusti, kula dipun ayomi. Sranarahe Sang Kristus, gesang kula tinebus. 2. Datan badhé ndayani, datan saged ngluwari,    sagung pandamel kula, nadyan kados punapa.    Namung sihé Sang Kristus, gesang kula tinebus. 3. Gesang kula mung nglaha, tan wonten lelabetnya.    Amung salibé Gusti ingkang kula gondhèli.    Mila kula mung pasrah klayan tulusing manah.

110. GUSTI PANGUNGSEN KULA

110. GUSTI PANGUNGSEN KULA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik Kpj ) Gusti Pangungsen kula, sestu gung sih rahmatnya. Ing sajroning panandhang, lamun bebaya nrajang, Gusti sung pangluwaran, kula manggih kraharjan. 2. Daya-karosan kula    winates wontenira.    Srana pasrah-sumarah    mring rèh kwasaning Allah,    kula manggih kabegjan,    ngantos dugèng klanggengan.

11. GUSTI, SESTU KULA TRESNA

11. GUSTI, SESTU KULA TRESNA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Gusti, sestu kula tresna dhumateng Paduka Kula masrahken manah, badan, dalasan nyawa Paduka kang agungsih, ingkang sampun menang; Saestu kula pasrah dhumateng Paduka. Reff.   Kula tresna dhateng Gusti,   Wit Gusti sampun nresnani kawula.   Kula sestu tresna Gusti,   wit Gusti sampun nresnani kawula   2. Gusti anandhang sangsara, ngrembat dosa kula,    ngantos sinalib séda, karana gunging tresna.    Mila kawula pasrah klayan trus ing manah;    dhawuhnya kula pundhi, nresnani sesami. Reff......

113. GUSTI YESUS SANG PAMARTA

113. GUSTI YESUS SANG PAMARTA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Gusti Yesus Sang Pamarta, kula ndherek Paduka, manggul salib ing salaminya klayan bingahing driya. Kula Paduka kiyatken, sageda tahan sisah; sampun ngantos kemuriten, sampun  cuwa ing manah. 2. Nadyan tinilar ing mitra, sinengitan nèng donya,    kula manteb ing pracaya, ndhèrèk Gusti slaminya.    Lamun Gusti ingkang nganthi, kabegjan kang pinanggya.    Lamun Gusti kang ngasihi, mokal yèn ta cilaka. 3. Karibedan lan sangsara krana ndhèrèk Paduka,    ngiyatken tékating manah, nggayuh Kratoning Allah.    Datan geter datan wedi neksèni Injil suci,    mrih gesang langgeng katampi, wit tinunggil ing Gusti.

112. GUSTI YESUS PANGEN KULA

112. GUSTI YESUS PANGEN KULA ( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Gusti Yesus Pangen kula, Kula menda kagungannya. Dennya nebus klayan rahnya, mrih kula gesang slaminya. 2 Sang Kristus Pangèn utama kang sampun ngetohken nyawa,   nebus kula sakirig dosa, wah nuntun kula mring swarga. 3 Gusti ngayomi méndaanya, inguwalken sing rubéda,   mrih tan tiwas ing panandhang, nging tansah manggih kabegjan. 4 Gusti ngempalken méndanya kadadosaken sapantha,   kinen gesang atut-rukun, mbangun-turut Pangènipun. 5 Gusti ngreksa pra nebdabta klayan astanya kang rosa,   lamun wonten kang ketriwal, denlari mrih datan ical.

117. KALA KULA DHAWAH

117. KALA KULA DHAWAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Kala kula dhawah lan tanpa daya, nyawa kula kapetek, kasiksa. Kula tansah nyuwun tulung mring Gusti, karsa rawuh, mrih anitulungi. Reff.   Kula tansah kaangkat maring arga,   kula kwawi anempuh prahara;   wah kiyat, wit sinanggi swiwinya,   anglangkungi budidaya kula.

116. KABEGJAN KANG SEJATI

116. KABEGJAN KANG SEJATI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Kabegjan kang sejati, tinunggil Gusti. Yen panggodha ndhatengi, gya den tulungi, mrih mantep pracaya wah tetep widada, malah ngersorken dosa, panggah sembada. 2. Kabegjan kang satuhu, rineksa Gusti.    Yèn panandhang ngreridhu, gya dènluwari,    mrih kraharjan nyata rinengkuh slaminya.    Mara tansah sung puja, wit sth-piwlasnya. 3. Kabeqjan kang sanyata, jinangkung Allah.    yén rinoban sangsara, gya dénentasna,    mrih ayem ing manah sarta tentrem tansah,    memuji datan kendhat, nggunggung sih-rahmat.

115. IBA RAHJENG TYANG KANG SAMI SUMENDHE

115. IBA RAHJENG TYANG KANG SAMI SUMENDHE ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Iba rahjeng tyang kang sami sumendhe mringGusti, jroning sisah wah kesrakat, Gusti paring kiyat Reff.   Sumangga sumendhe Gusti !   Sumangga Sumendhe Gusti !   Sumangga Sumendhe Gusti !   mesthi Gusti karya ayem ira.   2. Adhuh Gusti, kula sowan ing ngarsa Paduka    masrahken gesang kawula nèng asta Paduka. Reff...... 3. Adhuh Gusti, lamun kula pasrah mring Paduka,    kula datan sélak, sagah sangsara wah pejah. Reff...... 4 Hé, nyawaku ja tumungkul, gêné teka uwas.   Datan ana langkung mulya lir wong kang pracaya. Reff........

120. KULA MBOTEN BADHE NILAR

120. KULA MBOTEN BADHE NILAR ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Kula mboten badhe nilar dhateng Gusti Pamarta; dhateng pundi Gusti tindak, kula ndherek Paduka Reff.   Kula tut wingking Gusti ing salami kula gesang,   awit yen tanpa Gusti, kawula tan saged mimpang   2. Nadyan gung karibedan, kawula tan was-sumelang.    Gusti paringa tatag, kula kiyat tan gumiwang.     Reff..... 3. Kula tansah ndhèrèk Gusti, nadyan sring kamomotan;    nyawa kula memuji, tamtu antuk pitulungan.         Reff.....

119.KRANA GUSTI KULA

119.KRANA GUSTI KULA ( Kidung Pasamuan Jawi / KPJ / lirik KPj ) Krana Gusti kula, Injil ngrembaka; yeku tuking iman, sumber kraharjan; gesang cinakapan wah linuberan, nugraha punikamaremken nyawa 2. Gusti paring sabda kebak sih-tresna;    Roh Paduka mbuka pamireng kula;    ndadar mrih kuwawa nyingkiri dosa,    marengna kav&ila dumugèng swarga. 3. Gusti, kula girang tampi pepadhang;    kamardikan wetah, nuwuhken bingah.    kula kaparengna tansah sih—setya,    murih datan keridhat nggunggung Paduka.

118.KASETYANING ALLAH DATAN GINGSIR

118.KASETYANING ALLAH DATAN GINGSIR ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ Lirik KPJ ) Kasetyaning Allah datan gingsir. Sakingkang tinimbalan, den pilihi. Samukawis tan sah pinirsanan. Prasetyanya tamtu den leksanani. Dalasan saka thahing pakaryan sinembadan. 2. Sabda lan kwasané Allah nyata.    Saben jaman winengku ing pangrèhnya.    Astanya kukuh miwah santosa,    ngasta pangadilan ing salamanya.    Landheping sabdanya nyirnakaken kadurakan. 3.Sang Roh Suci kang kagungan karsa   mbikak kekeraning kawilujengan.   Pasamuwan binereg manahnya,   tansah tinuntun marang kasampurnan,   nggih dadya warga kratoning Allah salamanya.

123. KULA PITADOS MRING GUSTI

123. KULA PITADOS MRING GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Kula pitados mring Gusti, peparang ingkang kekah. saestu kula ungseni, dimen  rineksa tansah. Nadyan ombak nggegirisi, kula datan kuwatos. Prahara nguber jaladri, kula tatag ing batos. Reff.   Kula tansah sumelang; Gusti tan nilar kula.   wajib kawula cumandhang, gesang manut sabdanya.   2. Kula pitados mring Gusti, dalah sengkut makarya.    Ngrerancang wah mbudidaya, tan kendhat ing pandonga.    Siyaga tansah leladi ing sakatoging driya.    Gusti ingkang minangkani, kula dados sembada.     Reff....

122. KULA PITADOS

122. KULA PITADOS ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Kula pitados ing Allah, Sang Rama Kang Makwasa; ingkang nitahaken langit lan bumi saisinya. Kula pitados ing Gusti Yesus Kristus Kang Putra ontang - anting lan kesasih, Gusti Pamarta kula. 2. Kang sampun kabobotaken sing kwasane Roh Suci;    miyos saking prawan Maryam, nahanaken pisakit    kala Pontius Pilatus ingkang ngasta bupatya:    sinalib nglampahi séda, tumedhak mring antaka 3. Tigang dintenipun wungu sing antaka, dyan minggah    dhateng suwarga, apinarak nèng tengenipun Allah    Sang Rama Kang Mahakwasa, king ngriku badhé rawuh.    angadili tiyang ingkang gesang lan ingkang pejah. 4. Nggih pitados ing Roh Suci wah malih wontenipun    pasamwan Kristen satunggil, kang suci sarta umum.    Patunggilané pra suci, pangapuntening dosa,    tanginira para mati, kang sarta gesang baka.

121. KULA NGGUNGGUNG- NGGUNGGUNG GUSTI

121. KULA NGGUNGGUNG- NGGUNGGUNG GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Kula nggunggung- nggunggung Gusti, sesembahan kula sejati. Tanpa cela sestu suci Sabdanya dados panutan, tindaknya dados patulandhan. Tyang ngupados kayektosan suyud mring Sang Putra, kang nglambuhi kula, wit trsnanya trusing driya tulus nyata, rila ngurbanken sarira. 2. Gusti ngundhangken pawarta luwarira wang miskin-papa,    sing sangsara mrih raharja.    Nggih pangentasan sanyata, kang tinindhes lan kinunjara,    puiih harkat-martabatnya.    Tyang kang nandhang roga* samya dèn sarasna;    wah mbabarken Yobèl taun pangluwaran,    nggih sih-rahmaté Pangéran. 3. Duk Gusti siniya-siya, siniksa, lan sinalib séda,    tan males srana piala,    Mring wang kang sengit mengsahi, malah winales dên tresnani,    kadongakna mríh basuki.    Yésus Gusti kula, manungsa sampurna,    riyantosakken kula sagung tyang pracaya,    tinulad kasampurnannya.

124. KULA SESTU NDHEREK GUSTI

124. KULA SESTU NDHEREK GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Kula sestu ndherek Gusti kang jumeneng Panutan. Tetep setya dugeng janji, tan wigih karibedan. Reff.   Dhuh nyawaku, ja kwatir; Gusti kan ewah gingsir.   Tut wuria salaminya ing satindake Gusti.   2. Kula sèstu ndhèrèk Gusti martosken Injil suci.    Datan ajrih ing sangsara, wit Gusti nganthi kula. Reff.... 3. Kula sèstu ndhèrèk Gusti mbabarken sih piwlasnya    mring sagung titah ing bumi, dimèn samnya raharja. Reff.... 4. Kula sèstu ndhèrèk Gusti ngèstokken dhawuh edi;    sok sintena kang nyatroni, kula nqudi nresnani Reff.....

126. NADYAN KULA NANDHANG SANGSARA

126. NADYAN KULA NANDHANG SANGSARA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Nadyan kula nandhang sangsara Gusti maringi kekiyatan. Sanadyan katempuh prahara, kula wus tamtu saged tahan Reff.   Salib kula datan nglangkungi   panandhang pisakiting Gusti   Yeku pratandha nira,   Gusti panganggel kula   langgeng ing salaminya   2 Salir erining gesang kula   tan timbang makuthaning Gusti.   Kasangsaran miwah panyiya   datan mantra badhé nyamèni.    Reff............ 3. Ngemban dhawuh sèstu kabegjan.    Anampi berkah katentreman    datan wonten kang saged ngrebat,    lestantun tumekêng akérat.    Reff................

125. LAMUN KULA MLAMPAH

125. LAMUN KULA MLAMPAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Lamun kula mlampah neng margining Allah, kula sestu ngraosken bingah. Kula yakin estu, Gusti nuntun tamtu mring tyangkan pitados satuhu. Reff.   Mung sawiji kabegjan sejati,   nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti.   2. Yen peteng ing manah, kabidhung ing sisah,    kula nilingken sabdeng Allah.    Uwas lan kuwatir wus tamtu sumingkir,    angger pasrah kang trusing manah.       Reff......    3. Iba begja kula, sajroning ginodha    kiniyatken dening sabdanya.    Rineksa rinimat tan dhawah tan lesah,    wit saking sih-rahmating Allah.       Reff.....

130.PADUKA PANGEN UTAMI

130.PADUKA PANGEN UTAMI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Paduka Pangen Utami kang kawula tresnani. Kawula purun sangsara, jer krana Yesus Gusti. Reff.   Kawula kepengin manggen wonten ngarsaning Gusti,   awit ing ngriku kawula ingayoman rahmatnya. 2 Tan wonten malih panggènan   sumbering kawilujengan,   namung salib ing Golgota   wijiling pangapura.     Reff.............. 3. Lamun manah kula nyawang    salibé sang Pamarta,    saèstu karaos padhang,    tatag lumampah kula.      Reff................

129. NYEBUTA " GUSTI" MRING SANG KRISTUS

129. NYEBUTA " GUSTI" MRING SANG KRISTUS ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Nyebuta " Gusti " mring Sang Kristus, kanthi ati kang tulus. Nanging yen mung ana ing lambe, tan ana panggawene, kasangsaran temahan ira, naraka pandumannya. Reff.   Kang mlebet mring kratoning swarga,   namung tyang kang mbabarken tresna   wah nglampahi karsaning Gusti klayan tulusing ati. 2 Salir tyang kang lampah utami, welasan mring sesami,   mbelani tyang ringkih-sangsara, kanthi ngetohken nyawa,   yeku muridé Kristus Gusti, ingkang mursid sejati.    Reff......................... 3. Begja kang manggih kautaman, ing donya wah delahan.    Pracaya mring Gusti Pamarta, tansah nyadhong ing sihnya    dalah tyang kang nyatroni pisan, winales kasaénan.    Reff..................

128. NITENANA SIHE GUSTI

128. NITENANA SIHE GUSTI ( (Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Nitenana sihe Gusti kang mbayu mili Ywa manut bujuk ing Iblis, woh e mung pati Reff.   Dipanggah kanthi sumarah kang trusing manah,   kasorna panggodha srana tegen ndedonga.   2. Nadyan den iming imingi bandha sadonya,    milaur setya mring Gusti, sinungan swarga. Reff..... 3. Iblis nawéni kamulyan pinunjul adi,    nging manungsa panggah dados Putraning Gusti. Reff...... 4. Iblis nggèndèng nilar Allah, nging tanpa guna,    wit wus mantep ing pracaya, gesang raharja. Reff......

127. NGGEN KAWULA MAKARYA

127. NGGEN KAWULA MAKARYA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Nggen kawula makarya, inggih kasar alusa, mung Paduka, Gusti, kang mugi amaringi pitedah wah panganthi, mrih kang pinanggih prayogi 2 Kawula tan nglenggana,   tansah mung damel cuwa,   séstu tanpa gina.   Lamun tan binerkahan   déning Allah Pangéran,   lah wekasanipun nglaha. 3 Gusti Kang Mahaadil,   mugi Paduka nunggil   ing kula slaminya;   mrih ing salir pakaryan,   tumindak, kalakuwan,   manut pangrèhîng Pangéran.

133. PRACAYA LAN PASRAH

133. PRACAYA LAN PASRAH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Pracaya lan pasrah mring Allah Makwasa, salir prihatin ira tamtu enggal sirna. Ngambah margining Gusti sira den berkahi, tansah antuk kabegjan, datan kawirangan. 2. Lamun sira nggresula, iku tanpa guna;    tuwas muwuhi susah, angedohken bungah.    becik nitèni berkah peparingé Allah,    mrih salir sedyanira tinuntun sembada. 3. Sapa bisa njajagi mring karsaning Gusti?    Sira tan darbé kwasa ngulur umurira,    mung tansah mbudidaya sinartan pandonga,    suméndhé mring Pangéran, murih kaleksanan. 4. Lamun nyangga mornotan, ingancam behaya,    ngungsia mring Pangeran, ywa sernplah ing driya;    sira rineksa Gusti, mrih datan bilai,    tan sandé linuwaran wah sinung kraharjan.

132. PITULUNG KITA KANG ROSA

132. PITULUNG KITA KANG ROSA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Pitulung kita kang rosa samekta lir mitra kang tuhu setya, samekta. Lamun kesasar neng margi, Gusti nglari lan nimbali, rumiyen myang samangkya, tetep  samekta. Samekta, samekta, rumiyen myang samakya, tetep samekta. 2. Tansah mirsa kapesanmu, Gustimu,    karsa nanggel kribedanmU, Gustimu.    Lamun pasrah ing pangrèhnya,    kita mireng ing sabdanya,    " 1ah ta mareka, Ingsun tansah samekta    Samekta, samekta.    lah ta mareka, Ingsun tansah samekta !”

131. PARA BANGSA SAMYA NGRAMAN

131. PARA BANGSA SAMYA NGRAMAN (Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Para bangsa samnya ngraman mring Pangeran. Sagung pakartinyamuspra, mung nggadhang sangsara. 2. Tyang nglawan mring Kang Makwasa,    mung maanggih cilaka;    kadhawahan bebendunya,    dados lan tumpesnya. 3. Sang Jebadaning Yéhuwah,    yéku Putrèng Allah;    kaparingan gung pangwasa    mengku samudaya. 4. Tyang ajrih-asih mring Gusti    sumedya ngabekti;    wah ngayom ing sih-rahmatnya,    karoban ing begja.

134. PUNDI MARGI INGKANG KWAWI NGINGKIRAKEN

134. PUNDI MARGI INGKANG KWAWI NGINGKIRAKEN ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPj ) Pundi margi ingkang kwawi nyingkiraken kawula saking pangrehing antaka damel gesang sangsara? Reff.   Margi nira mung sajuga,   Kristus Gusti Masuci.   Wit pracaya mring asmanya,   kula gesang sanyata. 2. Pundi margi ingkang kwawi angluwari kawula    sing pamengkuning dursila damel miris driya?  Reff..... 3. Pundi margi ingkang kwawi nguculi manah kula    saking panjireting dosa nguja napsu duraka? Reff..............

136. RAHAYU WONG WEDI-ASIH

136. RAHAYU WONG WEDI-ASIH ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Rahayu wong wedi asihmring Pangeran Yehuwah, remeng gawe sepi pamrih, kasengsem sabdeng Allah. Wong bener wah ngabekti slamanya den berkahi lan turune lestari. 2. Omahe wong kang pracaya kanggonan kalubèran;    kautamané slamanya, tansah ulah katresnan;    jroning peteng nglimputi, kang temen dên padhangi.    wšt tinunggîl ing Gusti. 3. Wong loma sinung kabegjan, slamanya kinasihan:    wong jujur tulus ing lampah, tansah rinoban berkah    piala tan medèni, wit pracaya mring Gusti    rineksa ing Hyang Widi. 4. Wong awatak welas—asîh mring kang miskin wah ringkih    kanggonan luhuring budi  wah kamulyaning ati.    Wong duraka mung meri, ngrantan kang mbilaeni;    pituwase pepati.

135. RAHAYU WONG KANG MURSID

135. RAHAYU WONG KANG MURSID ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Rahayu wong kang mursid lampahnya nyingkur ngen-angene wong duraka lan ora ngambah dalane wong dosa ora wor lungguh ing pajagongane, nanging karem mring sabdaning Allah, rina wengi dengilut ing manah 2. Raanané wong iku kaya wit    kang tinandur sapínggirîng kali,    kang mesthi awoh ing tîti-mangsané;    lan godhongé tan naté alum gogrog.    Ingambaha reribed ngrépoti,    tansah lestari kang dên lampahi. 3. Tan mengkono mungguh wong duraka,    nanging lir mrambut kabur ing anqin,    ara bisa lulus ing pangadilan,    lan ing pasamuwané para mursid.    Wong mursid rineksa ing Pangeran;    wong ala tumibeng karusakan.

139. SANG YEHUWAH, YEN ALLAH KULA

139. SANG YEHUWAH, YEN ALLAH KULA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Sang Yehuwah, yeku Allah kula, kang nyembada-ni panyuwun kula. Mila dhawuhipun, " Lah kumandela, Ingsun datan negakake sira ! " 2. Sang Yéhuwah, yéku Allah kula,    tan males durakaning manungsa.    Mila dhawuhipun, “Lah umareka,    Ingsun kagungan sih-palimirmo !” 3. Sang Yéhuwah, yéku Allah kula,    karsa nglanting tangan kawula.    Sèstu Allah dados karosan kula    mila tansah kawula tresnani

138. SANG KRISTUS TAMENG SANTOSA

138. SANG KRISTUS TAMENG SANTOSA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Sang Kristus tameng santosa, nguwalken saking rubeda. Neng jroning bebaya pati, Gusti kang badhe nulungi. Reff.   Sang Kristus peparang tansah ngayomi, angayomi, angayomi,   ampingan kula jroning prahara, pangungsen ingkang santosa   2. Sang Kristus Pangén kang setya    anggiring sagung méndanya    mring parumputan lan toya    nebihken saking bebaya.     Reff............ 3. Kalamun rumpil marginya,    Sang Kristus mulung astanya.    Ketriwal dipun upadi,    pinanggih dipun rimati.      Reff...........

137. SAKEHING WAS-SUMELANGMU PASRAHNA

137. SAKEHING WAS-SUMELANGMU PASRAHNA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Sakehing was sumelangmu pasrahna mring Gusti, wit saliring mitramu tan bisa mrantasi. Jer sagunging manungsa nyanggi sumelange, kang pinasrahan tan ana, tansah kuwu atine. Reff.   Di enggal pasrahna ing astane Gusti   sagung kuwatir ira, wus mesthi den tulungi   2. Yéhuwah iku pangènmu, pamomong sejati,    kang nentremken atimu, setya ing panganthi.    Payo, prayoga sowan marek Sang Pamarta    kanthi giyak bebarengan, tan mangu ing wardaya Reff........

142. TYANG DURAKA SAMYA NYATRONI KAWULA

142. TYANG DURAKA SAMYA NYATRONI KAWULA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Tyang duraka samnya nyatroni kawula, nyatur mengsah kula, memoyoi, tansah ngarah kula pejah srana panganiyaya. Dhuh kawula nyuwun pangayoman, Gusti, tuking kamulyan adi kang tansah myarsakken saliring pasambat, pandonganing pra umat 2. Nging Pangeran Gusti, kula datan wedi    mring tyang drengki wah srei.    wit tyang ang duraka mesthi dènasorna    deneng asta Paduka.    Tyanq pracaya yekti Paduka bélani    wah rineksa sing pati.    Mila kula ayem, gesang tansah tentrem,    krana kabegjan langgeng.

141. TIYANG PITADOS

141. TIYANG PITADOS ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Tiyang pitados tentrem gesangnya, yen nunggil Sang Pamarta. Panggah seger kadya epang lamun ing wit ira. Reff.   Tyang kang tansah manut rehing Gusti   amung begja kang pinanggya.   Binerkahan siyang lan ratri   lestantun rineksa. 2. Tiyang pitados gesang lestari, lamun nunggil Ian Gusti.    kadya epang lan wohira, yèn nunggil ing witnya.    Reff...... 3. Tiyang pitados bombong ing manah, karana Sang Pamarta.    Kadya epang awoh kathah, yèn tulus ing witnya.     Reff..... 4. Tìyang pitados nging tanpa lampah, gesangira mung nglaha.    Kadya epang kang kapisah, yèn wohé tan ana.     Reff...........

140. SIHE ALLAH GUNG SANYATA

140. SIHE ALLAH GUNG SANYATA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa; sing bangsa sanes umatnya ingangkat dados putra, tinebus Sang Kristus Gusti, gesang enggal sayekti. Nindakna pakarti luhur, yeku tandha ning sokur. 2. Sih - nugrahaning Pangéran, peparing lelahanan.    Tan wonten dosa duraka kang datan ingapura.    Nging tyang kang wangkot ing ati, pracaya mung ing lathi,    pinagas saking sih-rahmat, sangsara ing akérat. 3 Sihing Allah sèstu adya, nentremken tyang pracaY   pinurih dadya rowangnya, mbabar kratoning swarga.   Awit katresnaning Allah, karaharjan sumrambah.   Asmanipun kaluhurna, samangkya lan slaminya.

143. YEN KULA SUMREP, O GUSTI

143. YEN KULA SUMREP, O GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Yen kula sumrep, o Gusti, cinawisan margi, nadyan sisah kadi pundi, kula marek Gusti. Reff.  Marek Gusti, marek Gusti,  marek Paduka, Gusti  kula sampun sumrep margi  marek dhateng Gusti. 2. Margi kula sumrep Gusti sangsara ing salib,    mrih kula kalis antaka, ngurbanken sliranya. Reff..... 3. Margi kula sumrep Gusti séda krana kula,    mbekta kawula sadaya mring kamulyan swarga Reff......

Calvary (Lyrics and Chords)

Gambar
Song Title "Calvary" Lyrics and Chords Music and Lyrics by Jonas Myrin, Mrs. Walter G. Taylor, Reuben Morgan Category: Worship, Lent Reflection Verse 1                        A2                F#m7    The Saviour alone carried the cross                D2                             Esus For all of my debts He paid the cost              E                        F#m7     E/G# Salvation complete, now for-ever I'm free D          E            A5 Calvary covers it all Chorus A            F#m7 Calvary covers it all       D                                Bm7 My sin and shame don't count anymore     A                                           F#m7 All praise to the One who has ransomed my soul D           E            A5 Calvary covers it all Verse 2 (Same as Verse 1 Chords) No power on earth, not even the grave can separate us from mercy and grace He is faithful to save oh, his blood never fails Calvary covers it all (Repeat Chorus) Bridge                    F#m7 No one b

Halina at Lumapit (Lyrics and Chords)

Gambar
Song Title "Halina at Lumapit" Lyrics and Chords Music and Lyrics by Ruben Habito Category: Entrance/ Pambungad na Awit Intro: E - B7 - E - A - B7 - E Koro: E        B7      E    A    B7         E Halina at lumapit sa Panginoon.    E     A      E       A     B7    E Halina at lumapit sa ating D'yos. Verse 1               E           B7      E Na may lalang sa ating lahat,             C#m      G#7         C#m na nagbigay ng buhay sa atin.                E           G#7   C#m Na may lalang sa ating lahat,            F#m        B7            E na nagbigay ng buhay sa atin. (Ulitin ang Koro) Verse 2 Na S'yang ating Ama, nagmamahal sa atin. Na S'yang ating Ama, nagmamahal sa atin. (Ulitin ang Koro) Verse 3 Ililigtas N'ya tayo  sa ating pagkakasala. Ililigtas N'ya tayo sa ating pagkakasala. (Ulitin ang Koro) 2018 Catholic Songbook  

Dinggin Mo (Lyrics and Chords)

Gambar
Song Title "Dinggin Mo" Lyrics and Chords Music and lyrics by Simplicio Esteban & Eddie Hontiveros, SJ Category: Communion Intro: G - D - A7 - D - A7  Koro: D                                 A7 Tawag nami'y laging dinggin,                                         D samo nami'y 'Yong pakinggan.                                       A7 Tinig nami'y bigyang pansin,                             D Ama nami 't Panginoon. Verse 1         G                     D Dinggin Mo, Panginoon,         A7               D ang aming kahilingan.    G             D Kami ay kaawaan,     A7                            D  A7 O D'yos na walang hanggan. (Ulitin ang Koro) Verse 2 Bigyan Mo ng liwanag, tibay at pananalig; Kaming nagsusumikap, dito sa 'ming daigdig. (Ulitin ang Koro) Verse 3 Sa 'Yo nananambitan, sa 'Yo rin umaasa. Huwag Mong pababayaan, ang taong nagkasala. (Ulitin ang Koro)   2018 Catholic Songbook

145.YEN PRAHARANING URIP ANERJANG

145.YEN PRAHARANING URIP ANERJANG ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Yen praharaning urip anerjang, lan pacobanenyerang ngrusuhi, mung sajuga pengarep arepmu, prasetyane Gusti iku tangguh. Nadyan gunung gunung padha jurug tengger tengger kabeh padho horeg, nging kasetyane Gusti ngayomi, rumeksa; jiwamu tetep teguh. ngendelna prasetyaning Gusti, aja nganti uwal rina kalawan wengi. Singkirna wedi lan kuwatir, Gusti kang ndarbeni uripmu, Nadyan gunung - gunung dha gumingsir, sarta tengger-tengger pada horeg, nging kasetyane Gusti ngayomi lan tansah rumeksa rina wengi lan tansah rumeksa rina wengi.

144. YEN NUNGGIL LAN GUSTI

144. YEN NUNGGIL LAN GUSTI ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj ) Yen nunggil lan Gusti rinten dalu manah langkung tentrem arahayu. Reff.   Kula angantos Gusti siyang klayan ratri   kanthi pitados Gusti, Gusti mberkahi.   2. Yen nunggil lan Gusti jro ginodja,    kula saged unggul maring dosa       Reff.......    3. Yen nunggil lan Gusti siyang -ratri,    birat najis kula temah suci.       Reff......    4. Yen nunggil lan Gusti, kasisahan    mantun, kagentosan kabingahan.       Reff.......    5. Yen nunggil lan Gusti saged ngertos,    kang dados karsanya ing sayektos.       Reff......

146. YEN SIRA SANGSARA

146. YEN SIRA SANGSARA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Yen sira sangsara sarta sedhih, manteb pracaya, Allah tan tebih. Aja wedi, Gustimu nganthi. Rehing kadursilan mesthi kasoran. Pepeteng dosa ilang sirna, mung gung karaharjan, linuberan. 2. Yen nyanggi momotan wah panandhang,     sira aja semplah alit ing manah.     Iblis julig memilut driya,     milih margi entheng nging dugeng nraka.     Pasrah mring Allah nyuwun kiyat,     sira tamtu rinoban sih-rahmat.

149. GUSTI YESUS KULA SOWAN

149. GUSTI YESUS KULA SOWAN ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Gusti Yesus kula sowan, ngaturaken pisungsung; wit napa darbek kawula salir saking Paduka ! Mugi Paduka anampi wah malih amberkhahi.

148. DHUH RAMA KULA ING SWARGA

148. DHUH RAMA KULA ING SWARGA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ ) Dhuh Rama kula ing swarga, asma Paduka sinucekna; kraton Paduka rawuha, wradin ing sajagad sadaya. Karsa Paduka kalampahana, neng bumi kadya neng swarga. Kulamugi pinaringana, rejeki kula sadintennya. Paduka mugi angaksama, sagunging klepatan kula. 2. Kados denen kula ngapunten    tyang kang klepatan dhateng kula.    Punapa malih sampun ngantos    kula dhawah kengingpanggodha;    kula Paduka uwalaken    saking wewatakan dursila,    awit Paduka kang kagungan    kraton kaliyan wisesa    wah malih kamulyan kang langgeng    ing samaninipun. Amin

147. YESUS ROTI PANGURIPAN

147. YESUS ROTI PANGURIPAN ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Yesus Roti Panguripan, tumurun saking swarga, paring tuwuk kasantosan mring sagung tyang pracaya. 2. Yesus tuking toya gesang, nyegerken nyawa lungkrah,    cinawisken saliring tiyang ngorong nyandhong berkah.    3. Yesus dados margi utami sowan mring sang Rama    tumrap tiyang kang nglangkungi tutug, gesangnya mulya.    4. Yesus Pangen kang utami ngurbanken sariranya    Kita menda tan bilai, kalis saking antaka.    5. Yesus sang Cempening Allah dadya Juru-Wilujeng,    awit dening wutahing rah, maringi gesang langgeng.    6. Yesus pangayoman setya, langgeng ing salaminya.    Nadyan jagad kongsi sirna, panggah ing pangreksanya.

150. JURUWILUJENG APARING TULADHA

150. JURUWILUJENG APARING TULADHA ( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ ) Imam : Juruwilujeng aparingtuladha, miwah krana piwulangnya, pramila kakwula sami ndedonga. Sedaya : Rama kawula aneng swarga, asma Paduka kasucekna, kraton Paduka rawuha, karsa Paduka kelampahan ing bumi, kados wonten ing swarga. Kula sinunga rejeki ing dinten puniki lan kaapuntena lepat kawula, kados kawula ngapunteni tyang lepat mring kawula, miwah sampun ngantos kawula ketaman ing panggodha, nanging kauwalna kawula saking piawon.

Salve Regina (Lyrics and Chords)

Gambar
Song Title "Salve Regina" Lyrics and Chords Music by Eddie Hontiveros Category: Marian Intro: D - B7 - Em - A7 - D    D                       B7                  Em O Santa Maria, O Reyna't Ina ng Awa,  A7                                               D Ika'y aming buhay, pag-asa't katamisan.      Bm                    Em Sa 'yo nga kami tumatawag,         A7                      D pinapanaw na 'nak ni Eva;      B7                      E Sa 'yo rin kami tumatangis,  E7                   A                 E7    A dini sa lupang bayang kahapis-hapis.    A7                         D Kaya't ilingon mo sa amin         A7                           D ang mga mata mong maawain,        G                          D   At saka kung matapos aming pagpanaw,   A7                  D ipakita mo sa amin: Em                        A7     D Ang iyong Anak na si Hesus.       Gm             D/A   Em                A7          D O magiliw, maawain, matamis na Birheng

Tingnan ang Tao sa Krus (Lyrics and Chords)

Gambar
Song Title "Tingnan ang Tao sa Krus" Lyrics and Chords Para sa Liturhiya ng Biyernes Santo Music and lyrics by Albert Alejo, SJ - Eddie Hontiveros, SJ Category: Lent, Holy Friday Intro: Em Koro:     Em              G          D   Tingnan, masdan ang tao sa krus:    C            Am          B S'ya ang ating kaligtasan.     Em   Am      B7     Em Halina't S'ya'y sambahin. Verse 1      Em                 Am              Em           Am  Em Hangga't ang butil ay hindi mahulog at mamatay,   Am                Em         F#7              B7 Ito'y hindi lalago't hindi magbibigay-buhay. (Ulitin ang Koro) Verse 2        Em                 Am              Em           Am  Em Kapag sa 'kin na'y dumatal ang tamang panahon,     Am                Em         F#7              B7 Luwalhati ang mabayubay sa 'sang kahoy. (Ulitin ang Koro) Verse 3   Em                 Am              Em           Am  Em Anong laking kahiwagaan, kababaang-loob:     Am    

Glory to God (Mangussad) (Lyrics and Chords)

Gambar
Song Title "Glory to God" Lyrics and Chords Music by Fr. Nilo Mangussad New Missal Translation Category: Gloria   C           G/B    C/A      C/G            Dm  G   C Glory to God, Glory to God in the High  -  est C           G/B    C/A      C/G            Dm  G   C Glory to God, Glory to God in the High  -  est             G                       Am          D/F#     G And on earth peace to people of goodwill        Am                   E/G# we praise You, we bless You,      C/G                  F    we adore You, we glorify You,        C/G                                 D/F#    G we give You thanks for Your great glory Eb           Ab      Bb     Lord God Heavenly King       Eb                 Cm      G O God Almighty Father C           G/B    C/A      C/G            Dm  G   C Glory to God, Glory to God in the High  -  est C           G/B    C/A      C/G            Dm  G   C Glory to God, Glory to God in the High  -  est Fm     Bb       Eb     Ab        Fm      G Lord Jes

Pagsamo Kay San Jose (Lyrics and Chords)

Gambar
Song Title "Pagsamo Kay San  Jose" Music and lyrics by Manoling V. Francisco, SJ and Mark Reyes Intro: D - Em7 - D/F - G - D - Em7 - D/F# G/B      D                 Em7           D/F#  G O San Jose, ikaw ang tunay na huwaran         D/A               Bm7           E/G# Ng pag-ibig, katapatan at kabanalan. Asus    G/B     Asus  A/G   F#m7 O San Jose, sa iyo'y nanalangin.   Bm7       Em7      D/F# G   Asus   Dsus D Ang samo namin sa iyo nawa'y dinggin. D/F#                           G                       D/A Akayin mo kami, ang bayan mong nangangarap. G/B       D/F#              G           D/A   A Gabayan mo po ang aming pagsisikap, Bm                            Gm6      F#m7    F#7 Bm Upang kaming lahat, maging karapat-dapat       Em7  D/F#        G   Asus  D    Em7 D/F# Kay Hesus, 'yong sinisintang anak. G/B        D                 Em7           D/F#  G O San Jose, ikaw ang tunay na huwaran       D/A             Bm7  D/A      E7  Asus Ng pag-ibig, katapatan at