32. SWAWI SAMI MUJI ALLAH

32. SWAWI SAMI MUJI ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Swawi sami memuji Allah,
Pangeran, Mahawlas.
Kang tansah ngluberken berkah,
Pangeran Maha wlas.
Rinten dalu datan kendhat.
tansah njangkung mring pra umat.
Swawi muji Kang Murbengrat,
Pangeran Mahawlas

2. Tan males dosa duraka, Pangéran Mahawlas.
Nging ngegungken sih-apura, Pangéran Mahawlas.
Ngantos kang Putra kinasih kinurbanaken sinalib.
Swawi muji kanthi bingah, Pangéran Mahawlas.

3. Swawi olah tresna tansah, Pangéran Mahawlas.
Pratandha sokur mring Allah, Pangéran Mahawlas.
Swawi gesang mursid yekti tinulungan Sang Roh Suci,
nulad ing tindaking Gusti, Pangéran Mahawlas.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan