49. GUSTI KANG MAHAWILASA

49. GUSTI KANG MAHAWILASA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Gusti Kang Mahawilasa, mugi paring aksama.
Kula getun de klepatan, nglawan dhateng Pangeran;
nglirwakken dhawuh Paduka, manut hardaning driya.
Temah tan ngraosken tentrem wah malih gesang langgeng.

2. Gusti Ingkang Mahatresna, mugi ngruwat kawu1a;
temah kula dados suci miwah nunggil làn Gusti.
Manah kang peteng wit dosa énggal pulih lejara.
Pangajeng-ajeng binuka, ngener mring Allah Rama.

3. Gusti Ingkang Mahakwasa, mugi nuntun kawu1a;
ngambah ing margi utami, nurut pangrèh Paduka.
Awit kwasaning Roh Suci, nyingkur karsèng pribadya,
nglawan kapéncuting donya, mrih raharja slaminya.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan