48. GUSTI ANGANTYA SIRA

48. GUSTI ANGANTYA SIRA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Gusti angantya sira, wong dosa.
Aruming swara nimbali sira.
Nyuwuna luwar lan pangapura !
Mareka, saosna atinira !

Reff.
  Lah mareka ! Gusti angantya,
  aywa adoh adoh, umareka !
  Gusti anganti anti sira !
  Ywa nyenyuwe, mula gya mareka !
 
2. Hé, wong dosa, lempar* dalanira.
Nyata gampang lamun liniwatan.
Nging sira tan nduga tan uninga,
yéku tan anjog mring nagri baka.

Reff.....

3. Nging marga kang anjog ing kabegjan,
ciyut, angèl kalamun dènambah.
Kang mangkono datan kauningan,
mangka iku margining Yéhuwah.

Reff.....

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan