86. MUGI SAMPUN ANGLANGKUNGI

86. MUGI SAMPUN ANGLANGKUNGI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Mugi sampun anglangkungi dhateng kula, dhuh Rama.
Tyang kathah Paduka wlasi, mugi mlasi mring kula
nggih kula nggih kula, mugi mlasi mring kula.

2. Sampun anglangkungi kula, dhuh Pamarta kang setya
Gusti nimbali tyang dosa, mugi nimbali kula;
nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula.

3. Dhuh Roh Suci mugi sampun anglangkungi kawula;
tyang wuta antuk pepadhang, mugi madhangi kula;
nggih kula, nggih kula, mugi madhangi kula.

4. Dhuh Pangèn, sampun alangkung, sih Paduka rumeksa.
Tyang sanès dipun ayomi, mugi ngayomi kula;
nggih kula, nggih kula, mugi ngayomi kula.

5. Ku mireng tíyang kathah tampi berkah Paduka;
wit kula ingangkat putra, mugi mberkahi kula;
nggih kula, nggih kula, mugi mberkahi kula.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan