77. IBA ADI TUWIN ENDAHNYA

77. IBA ADI TUWIN ENDAHNYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik kpj )

Iba adi tuwin endahnya dinten ageng ingkang mulya. 
Tiyang dosa wanuh Pamarta, samya nampi gesang nyata.
Gesang ing astaning Panutan ingkang kebak kaayeman.
Sagung dosa sampun ical;
mangkya ngrasuk gesang enggal

2. Iba adi tuwin éndahnya pawartos ingkang kapyarsa
Turut margi arum swaranya pangundhanging kabar adya
Kabar rahmat saking Pangéran rentahing berkah kraharjan
Kula samya tiyang dosa rinentahan palimirma.

3. Tyang dosa dèn sami mirengna, yogya samya anilingria,
napa sampun wanuh swaranya? Lamun dèrèng, mangga samya
énggal, umarek mring ngarsanya klayan éklas, manah suka.
Mung déning Yésus nggèn kita saged wangsul dhateng swarga.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan