96. TYAS KITA DIMEN SLAMANYA BUNGAH

96. TYAS KITA DIMEN SLAMANYA BUNGAH
( Kidung Pasamuwan Jawi /KPJ / lirik kpj )

Tyas kita dimen slamanya bungah lan sukarena,
dene Sang Rama ing swarga nganggep putra mring kita.

Reff.
  Mara tansah abebungah saben dina antuk trang
  Dalaning urip endah apadhang, mara tansah den girang
 
2. Hyang Agung kang njangkung kita,
   angreksa sing panggoda.
   Sih-rahmatnya kang anglipur,
   paring kuwat-santosa.

Reff.....

3. Lamun kita nyingkur Gusti,
   nèng ati peteng, uwas.
   ilang kekuwatan kita,
   wah kabungahaning tyas.

Reff......

4. Balik wong kang amiturut,
   tansah padhang dalannya.
   Mula mara manut Gusti,
   suminggah saking dosa.

Reff........

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan