72. GUSTI KAWULA INGKANG BINERKAHAN

72. GUSTI KAWULA INGKANG BINERKAHAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Gusti kawula ingkang binerkahan;
seda Paduka sung kawilujengan.
Kawula nglari nadyan klayan sisah,
dadosa margi mring resik ing manah.

Reff.
  Resik pethak ngungkuli salju,
  manah resik pethak ngungkuli salju
 
2. Gusti kawula ingkang binerkahan;
darah Paduka sèstu sipat imam.
Katundhunga sawarnining brahala,
dimèn kawula resik tanpa cela.

Reff.....

3 Gusti kawula ingkang binerkahan;
mugi lebura salir kasisahan.
Kula sinungana énggaling driya,
murih dados resik klayan sampurna.

Reff.......

4 Samangké sèstu pitados kawula,
tar badhé kemba mituhu Paduka.
Lubèring kamirahan kebak berkah,
mbangun jiwa miwah resiking manah.

Reff......

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan