94.SUMANGGA MAREKA

94.SUMANGGA MAREKA
( Kidung Pasamuwan jawi/ kpj/ lirik KPJ )

Sumangga mareka ngarsane Gusti kita,
anggunggung asmanya. Wit sihe kang sanyata
maringken Kang Putra, yeku marginira
birat dosa kita, wah gesang sembada.

2. Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti,
   kang tansah mberkahi wrata titah sabumi.
   Allah ingkang murba pratala-akasa
   paring kaendahan miwah kautaman.


3. Yehuwah Makwasa maringi kabingahan,
   lan tentrem raharja dugeng jaman klanggengan.
   samnya tansah panggah mituhu mring Allah,
   minangka panuwun, wit gung berkahipun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan