004. DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI

4. DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPj / lirik KPJ )

Dhuh nyawaku, sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha Suci.
Sa batinku ngluhurka asmane. Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna.
Aja lali sagunging kadarmannya. Elingana sawiji wijine.

2. Pujinen kang ngapura dosanira, kang marasken sagung lelaranira
nebus uripmu saking antaka; kang angerobi sira lan kawlasan
kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomaké kekwatanira

3. Sepira langit angungkuli bumi, semono gunging sihé Kang Masuci,
mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohé kulon saking timur,
iya semono dènnya dosaningsun ingedohken saking awak amba’.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan