70. AMUNG GODHONG

70. AMUNG GODHONG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Amung godhong, lah ta adhuh, Gusti nganti muwun,
dene ngupados wohira, katemenan miwah tresna,
nanging kang pinanggya amung godhong amung godhong

2. Amung godhong, adhuh laé, datan ana wohe.
Saiba ta bilainya, yèn kadhawahan supata.
awit kang kadarbya amung godhong, amung godhong.

3. Amung godhong, dhuh bilai, yèn ndungkap ing janji,
Mari jamaning kawlasan, kan jaman pengadilan;
mangka kang kawuryan amung godhong, amung godhong.

4. Amung godhong, kembang lambé, ujar tanpa gawé;
kang sinebar gung kadarman, kang thukul mung kasaguhan,
tembung-tembung lahan, amung godhong, amung godhong.

5. Amung godhong, Gusti rawuh mriksa kang tumuwuh;
playunira menyang ngendi, lamun wohira mung dami,
mung pakaning geni? Amung godhong, amung godhong.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan