61. SAESTU KEDUWUNG

61. SAESTU KEDUWUNG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Saestu keduwung kula, dene kirang setya.
Kadhawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sesami,
nging tan ana bukti Aduh Gusti, nyuwun suci

2. Saèstu keduwung kula, dé gesang mung nglaha.
Kèlu pangwasaning dosa, mung nguja sengseming driya,
lampah tan prayogi. Adhuh Gusti, nyuwun suci.

3. Saèstu keduwung kula, dé ndlarung ing dosa.
Nadyan rinoban sih-rahmat, nging datan énggal mratobat,
mangkotaken ati. Adhuh Gusti, nyuwun suci.

4. Saèstu keduwung kula, nglirwakken kwajiban
mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan,
tentreming dumadi. Adhuh Gusti, nyuwun suci.

5. Saèstu keduwung kula, lamun dugèng janji,
gesang kula tan sembada, nilar citraning Sang Rama,
mesthi dèn bendoni. Adhuh Gusti, nyuwun suci.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan