16. LANGIT TANSAH NYARIYOSKEN

16. LANGIT TANSAH NYARIYOSKEN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Langit tansah nyariyosken kamulyane Hyang Agung,
wah akasa mratelakken yasaning astanipun.
Rinten dalu tan kendhat, wartanya ngebakirat.

2.Sanadyan datan wicanten tan wonten tetembungan,
nging samangsa dèn tilingken tansah nggunggung Pangéran.
Paseksinya nyrambahi ing salumahing bumi.

3. Pangéran murbéng jagad-rat kang ngrimati pra titah.
Surya kang mlampah tan kendhat, nggih krana rèhing Allah.
Saliring kang dumadi nélakken sihing Gusti.

4. Mugi Gusti nggih karenan isining manah kula.
Gung panggunggung mring Pangéran, pangayoman sanyata.
Pinujia tan kendhat Panebusing pra umat.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan