34. ULUKNA PAMUJI

34. ULUKNA PAMUJI
( Kidung Pasamuwan jawi / kpj / lirik KPJ )

Ulukna pamuji kanthi trusing ati,
he titah, mring Gusti Allah kang setya
lan maha mirah; wit sira rinoban berkah.

2. Saosa panuwun kanthi masmur kidung
hé sira, wong kang pracaya
mring Allah sumbering berkah;
wit sira sinung raharja.


3. Aturna panggunggung dalasan pisungsung
mring Allah, hé para umat,
kang setya paring sih-rahmat,
tan ngétang dosaning jagad.

4. Angunjukna sokur, rukun mring sedulur.
hé sagunging pasamuwan;
wit rinoban ing kabegjan
sadhéngah wayah lan papan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan