003. ALLAH MBABARKEN KWASANYA

003. ALLAH MBABARKEN KWASANYA
( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ / lirik kpj )

Allah mbabarken kwasanya, pra kang nglawan buyar sirna
lir lilin kenging brama, nging gung tyang mursid raharja,
memuji lan sukarena, ngarseng Allah Mamulya.
Pangeran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara,
nguwari tyang siniya, temahan ngraosken begja.
Dene tyang wongkot mbalela siniksa bebendunya.

2. Allah mbélani pra umat ngagem sarana mukjijat wah salir kang neng jagad;
pangéran ngrentahken berkah kang nglimat sagunging titah, temah kraharjan anjrah.
Wit kadarmaning Pangèran, tyang tinindhes kaluwaran,
temah tan wonten panandhang ing rèhing Ratu Kaswargan.
Dé*** para wadya-balanya, tyang nyebar kabar adya.

3. Allah Ratu kaadilan wus ngasorken pra adigang, temah kasurang-surang.
Nging tyang ringkih ingauban, pinaringan gung kabegjan, karoban karaharjan.
Gusti miji pasucènnya papan puruging manungsa,
kinèn samya angabekti konjuk mring Allah Hyang Widi.
Dalah kang swau mbaléla, nggih samya asung puja.

4 Allah Juruslamet yekti ngentas pra umat sing**** pati, temah samya basuki.
Mila pra umat sabumi kedugi sami memuji, anggunggung maring Gusti.
Sèstu Allah Mahaluhur, yogya pinuji lan masmur,
Lestantuna nêng ngarsanya, wit mung Gusti Kang Makwasa,
Yeku kang ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan