71. DUK NYIPATI GUNG PAKARYANING GUSTI

71. DUK NYIPATI GUNG PAKARYANING GUSTI
(Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / Lirik kpj )

Duk nyipati gung pakaryaning Gusti
lintang abyor ing dalu kang sepi,
wah gumleger ing gludhug ing akasa,
kula ngungungunging kamulyanta.

Reff.
  Nyawa kula gya sumyak sung puja,
  yekti Allah mahakwasa.
  Nyawa kula gya sumyak sung puja,
  yekti Allah mahakwasa.
 
2. Lamun nlasak tengahing wana-wasa
sato peksi kekidungan ramya.
Wonten ngaré dalah ing ardi ugi,
gung gurnelar sesawangan adi.

Reff........

3. Yèn siniram siliring samirana
sesekaran dalasan woh-wohan.
gandanira arum angambar-ambar
ngunguning tyas anumusi bingar

Reff.........

4. Klangkung ageng sih-katresnan Paduka,
ingurbanken Sang Kristus, Kang Putra.
sinangsara, séda tedhak naraka.
mrih manungsa basuki slaminya.

Reff........

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan