30. SWAWI PRA KADANG

30. SWAWI PRA KADANG
(Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Swawi pra kadang, disamya agirang
Disora- sora angalembana
mring Gusti kita Kang Mahawilasa.

2. Sihé Pangéran mring kita pra umat
tanpa wilangan wah tanpa kendhat.
Yogya pinuji lan pinundhi-pundhi.

3. Kita tyang dosa, nging Allah ngaksarna,
krana Kang Putra sinalib séda.
Mara resepna kanthi trusing driya!

4. Sihé Pangéran yogya dèn timbangi
srana kasetyan, tresna, wah bekti.
Srahna tyasira konjuk maring Gusti!

5. Swawi pra suci temen anglampahi
préntahing Gusti. Gusti prajanji
tansah nulungi srana Sang Roh Suci.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan