002.ALLAH MAHASUCI

002.ALLAH MAHASUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Allah Maha suci, kula asung puji ing pangibadah puniki
agung kamulyanta, ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya.
Pinuji Hyang Widi, kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati.

2. Dhuh Allah Makwasa, kanthi trusing driya
kawula nlangsani dosa.
Mugi angapunten sarta nucèkaken,
temah gesang kula ayem.
Pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra,
umeneng Pamarta.

3. Dhuh Allah Mamirah, sru adrenging manah.
kula sami nyadhong berkah.
Nggih sabda kang suci, sabdanipun Gusti:
kang paring gesang sejati.
Pinuji Roh Suci kang ngénggalken budi.
nilar gesang lami.

4. Allah Mahaluhur, kula saos sokur,
dalah pisungsung kang katur.
Bandha sarta badan miwah kasagedan.
dadosa kurban kang gesang.
Pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati,
bekti dhateng Gusti.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan