007. GUSTI, KAWULA SOWAN

007. GUSTI, KAWULA SOWAN
( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ / lirik KPJ )

Gusti, kawula sowan atur pangabekti,
pasrah nyawa lan badan kanthi trusing ati.
Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman,
dimen kula lestantun wonten ing kraharjan.

2. Kawula sèstu ngudi manut rèhing Gusti,
nanging ringkihing budi tansah memalangi.
Dhuh Gusti, mugi rawuh, mulunga ing asta,
dadya gondhèlan bakuh, kula tan suwala.

3. Kula sèstu pracaya tan ngandelken dhiri,
namung karsa Paduka kang kula lampahi.
Karahayon sejati pangajap kawula,
sedya ngambah ing margi pitedah Paduka.

Amin.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan