53. KAPYARSI GUSTI NIMBALI

53. KAPYARSI GUSTI NIMBALI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Kapyarsi Gusti nimbali, " He, wong kamomotan,
mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran ! "
Kula ngayom maring Gusti, dyan ayem sejati,
awit tansah binerkahan, sinung karaharjan.

2. Kapyarsi Gusti nimbali, “Wong ngelak, mareka,
ngombĂ© banyu panguripan kang saka ing swarga’
Kula ngungsi maring Gusti, sinunga Roh Suci.
tinuntun mrih mursid yekti, tresna mring sesami.

3. Kapyarsi Gusti nimbali, “Wong dosa, mareka,
nampanana kurban suci, rah, srira sampurna!”
Kula pasrah maring Gusti, kalis saking pati,
wah ingangkat putrèng Allah, lantaraning berkah.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Rohani : Begitu Besar Kasih Allah Pada Kita

Lirik Lagu Rohani : Tiap Langkahku Diatur Oleh Tuhan